Nyaur Utang
Jare ,wong urip kui ibarat roda kendaraan, kadang neng ngisor kadang neng nduwor. Mesti kabeh lak yo tau ngalami to lurr..? Ming apese, nek pas lagi bane neng ngisor njuk kendarakane mogok ngonggrok ra tau dinggo wkwkwk . Ning ra oleh sambat..! tetep kudu bersokor..! timbang nek kowe sambat seng nyokorke wong liyo, malah marai loro ati wkwkwk.
Crito iki ming fiksi dadi yo nek ono jeneng lan papan seng podho yo maap..!
Wong ki nek lagi zonk, bali seko mancing gebleh terus duwit tipis, udud gari 3 ler..hhh.. ning le penting isih duwe kopi nggo konco le cres buul bul
Ming hawane pingin mangan iwak gemak. Goro goro tanggane ngingu manuk gemak muni terus sajak ngece
"raaaaa... kecreeet..! Raaaa... kecreet..! Raaa.. kecreeettt..!" Wkwkkkk cen afuoq gemakki.hh..
Lagi liyer liyer neng lincak ngarep omah mbok mbok ono wong nawani proyek. Lhakok ono glibat glibet nggriseni. Tak mat matke koyo wewujudtan menungso ning transparan. Hieess... ming bongso badan alus kih mesti ming arep njaluk tulung. Tak titeni angger seng njaluk tulung bongso demit ngene iki blas ra ono apa apane. Mongko ngerti dewe luur gek " raaa kecreeet..!" Wjwkwjjk tok etok ra weruh, tinggal turu lak uwes..!.
Lha ning piye le iso turu wong kupingku mbenging mbenging krungu wong sambat njaluk tulung..hhh
"mas tolong saya mass..! Mas tolong saya mas !" Suwe suwe yo ra betah tros tak delok yaahh..! Demit lanang..hhh..males banget.!
" Kowe nek ra crewet iso ora to ?" NGGRISENI NGERTI RA ! NGGANGGU WONG AREP ISTIROHAT..!" Omongku rodo dongkol..
" maaf mas...! Kali iniii saja tolong saya supaya saya tenang kembali kepadaNya..!".
Omonge deknen njur nangis , suwe suwe yo melas aku tros tak takoni.
" Kowe duwe masalah opo...? Kok nganti ngrendet ngrendeti lakumu ?" . Deknen tros crito
***
Jenenge Agus. Deknen meninggal mergo keno serangan jantung. Lha deknen kui duwe utang seng durung ke saur karo seng jenenge pak Giyo..
" njuk aku sing kon nyaur utangmu ngono po ? Hayoo ...prex ! ! Kowe ki njalok tulung opo arep ngece ?". Ngerti dewe lur wong ki nek lagi ora cecekel ki hawane sensitip...wkwkwkk
Nyaur Utang
HHahaha..... ketoke perkoro sepele ning abot sanggane....! mulo yo pantes nek mbah kaum kae, samben arep ngangkatke wong mati kae muni.." sinten engkang nggadai perkawis utang piutang kalih almarhum saget sesambetan kalih ahli waris..!"
Dadi intine nek arep utang karo wong seng arep mati wae ..! aman..! sengoro di tagih wkwkwkkk.. ( Yakno lho lur wkwkk )
"Jiaaaan ngerepotke tenan kok kowe ki gus..! Ngerti dewe aku yo lagi Zonk . Ra gablek kecret ngene je. Mongko iki mengko bakale yo mambu ragat to..! sak ,ora orane nggo tuku bensin yo po ra !? Mongko gilo, duwetku ming gari rong puluh ewu arep tak nggo tuku mi instan..., nggo madang..! nyelo nyelo tenan kok kowe ki.gooos ! .hhh... mbok sesok meneh ki nek arep mati...! utange, do di lunasi....! dadi ra ngrepoti uwong..! hhh.. gek mongko kowe yo mesti ra nggowo duwit ?? " takonku ngarep demit duwe sangu...hh Si Agus ming gedek.
" Naaaa... lak opo ..! Wes tak bedek..! mesti yo ra gablek ! hahahahh jian apes tenan nangsibku, lagi kere petok demit yo podo le kere...! Jingan..og hedehhhh..!.
Ning njuk aku kelingan omonge winasis nek tetulung pas kahanane penak tor turah kui wes biasa ..! Akeh tunggale. Ning nek paweh pitulungan , pas kahananmu yo remuk utowo lagi cupet ,kui lagi luar biasa..!
" Njuk karepmu aku kon kudu piye ??" Takonku karo nyerot rokok seng wes kari tegesan meh nylomot driji...hh.
Karepe aku kon nemoni bojone Agus njaluk tulung nglunasi utange si Almarhum Agus
"Hedehh...! mongko utang mu piro kui ,?" takonku . "Telung jutaan " jare Agus..
Hhh...."wes sengoro iso guuss.!! urusan duwit karo wong wedok...! .hhh...wong wedok ki nek urusan karo duwit jian saking kencenge..! Yo po ra lurr..hahaha.... .mongko iki jumlah gede walaupun ora nganggo banget..! ,
Tangeh lamun guus gus ! Ning si Agus tetep ngotot sifate bojone ora koyo ngono jare agus...
" Yo wes tak cobane nemoni bojomu neng janji yen ora berhasil , kui dudu salahku lho...! niatku ming arep tetulung kowe ora keno ngganggu aku meneh..!"
Si Agus manthuk sajak bungah..."
Nyaur Utang
Sidanya, yo aku kepekso tuku bensin, njuk kat nggoleki omahe Agus. Nemoni bojone..hahaha.
Yo iki lur, gawean ra masuk akal dan beresiko tur raono mbel gedese...hahah. Nek ra dilakoni ming nggriseni ,nek di turuti malah koyo wong kentir.
Coba bayangin..! moro neng omahe wong seng durong mbok kenal tros ngaku bar ditemoni bojone seng bar wae mati, nagihke utange uwong, seng yo blas ora mbok kenal...hhh..bayangin wes lak yo kurang gawean banget to kui..!! wkwkwkk. Ning mbok menowo wes dadi takdirku yo wes piye meneh hehehe..
Akhire ketemu omah seng di ancer anceri si Agus..
Woooh.!! nek iki ...!!!, koyo arep ra percoyo lur, jebol omahe gede, jembar, Apik tenan. Tetep omahe wong sugih nek iki..!!. Nek ndelok potongane Agus ki ra wangun nek dadi wong sugih ki..! Opo iki omahe juragane po yo ?
Njuk agus ki pembantu po yo ? Ning tak sawang neng gerbang ngarep, ra , pangling badan aluse si Agus wes ngenteni tekaku karo mesam mesem.
Gandeng udutku entek ndilalah neng cedak kono yo ono warung ,ngiras pantes golek info . " Tumbaaass.!" Omongku ngundang bakule trus krungu sworo seko njero.
"Tumbas nopo mas ?" Wangsulane bakule.." onten rokok.....? " Rokok nopo.?"
Bakule wedok tuwo genti takon.." Nopo mawon purun ..! waton saget ngecer 2 batang mawon !".omongku.
Ojo ngece lho lur..! iki ora mergo kere lho, neng lagi menjaga kesehatan .
" Niku kok omahe apik banget nggone pejabat nopo ?" takonku ro bakule." " O...niku ...! omahe pak ustad..!" ...????..ustad ??? "Ustad sinten ? " takonku penasaran karo ngempakke udud sak ler seng sak ler tak slempitke kuping..
" Loh...! Sampean wong pundi to..? kok mboten ngerti...! ,niku uztad kondang lho..! umate pon katah, uztad Agus !"
Jian koyo kesamber bledex awan awan . ! Agus ki ustad ??? ra percoyo nek iki batinku...
" Ustad kondang lho niku pon diundang tekan pundi pundibning sakniki pun sedo kinging serangan jantung...! pon meh rong minggu niki !". Jare bakule..
" sugeh nggeh bu ? " takonku " Ora ming sugih mas .! .bojone we loro...! sak omah gek akur. Mbak Rini kaleh mbak Riris. Lha sak niki seng neroske nggeh mbak Riris niku ,dadi ustadzah.! ." jare bakule
Aku dadi malah soyo le mlongo..Hhh.... " Nggih nuwon nggih bu malah dadi nggosip..!" hehehe karo mlaku nuju omahe Agus .
" eh...mas..mas..! " Bakule ngundang aku.." nopo bu ??" Takonku " rokoke dereng di bayar !!" Oooalah ngapunten Buuu lali selak kesusu wkwk, pinten ? " Telungewu..! " Jare bakule wkwkwkk. Tros tak bayar lunas. Lagi arep lungo marani agus wes diundang bakule meneh..
" mas..! Mas..!" Hhh...."nopo melih buuuu...?" .
"nikuu...! koreke ampun di gowo...!" " Waah ..! Sory buu...! Ora njarak ! "
Nyaur Utang
Agus gage gage metokke, aku neng ngarep regol omahe, aku nyawang agus isih koyo ra percoyo.
" Kowe ki ustad ? njuk nek ngundang kowe ceramah ki njuk tanggapane piro? Iso gawe omah apike koyo ngene ? ? "
si Agus ming mesem.." hanjuk ustad kondang sing neng tipi tipi kae sugihe njuk ko ngopo kui..? Hanjuk ngopo kowe isih gentayangan nangis nangis njaluk tulung nek kudune lak yo wes plas bablas neng ayunane gusti.?"
"Ya itu tadi, saya masih terganjal masalah hutang ! Jadi semua amalan saya tidak di terima !" Jare si Agus
"ha gene ngerti !" Orang namanya juga lupa mas kung !" .wah jian hanek seng koyo kowe wae amalane ora di tompo opo meneh wong koyo aku.?? hedeeeh ning nek koyo aku pacen ora mampu mbayar utang mergo ra gablek kecret mungkin malah ra popo yo ? Wkwkwkk.....
" Asalamualaikum..!" Bengoku karo ndodok lawang regol ngarep seko njero krungu srek srek sandal di seret karo mbukak lawang.
" cari siapa mas ?" Takone pawongan wedok rodo lemu nyempluk putih kulitane."
"Mau ketemu sama ahli warisnya pak ustad !" Jareku , njuk aku dikon mlebu ..
" bojomu po gus ? " Takonku bisik bisik karo si agus, Deknen ming mantuk .
" Wah jian tonjii wkwkwk. Gek kowe ming cilik ngono kui niat ,cawete bojomu iso mbok,nggo jaket ...wkwkkkkk
Si agus ketok nggonduk aku muni ngono kui..
" Silahkan duduk mas ! Kok ketawa sendiri apa yang lucu ? " Dyaaarrr jebul galak hahaha. Goro goro aku mbayangke Agus jaketan cawet..hahaha dadi aku yo rasadar mesam mesem dewe hedeeh..
" Dek riris ini lho ada tamu !" Bengoke bojone Agus karo pawongan neng njero omah . Ora suwe metu wong wedok luwih enom manis rupane sajake bojo enome agus..hedehh
pantesan jantung mu ra kuat guss. bendino ming ngompa ngompo wae..wkwkk. Opo kowe le dut goro goro kentekan yiyit ? Ning kui mung tak batin lho ..lur.wkwkwk..
" Begini ibu ibu kedatangan saya kemari pertama silaturohmi, yang kedua saya dapat amanat melalui sebuah mimpi bertemu sama almarhum bapak ustad agus memberi amanat kepada saya untuk menyampaikan kepada panjenengan ahli waris dari almarhum bapak agus supaya melunasi hutangnya kepada pak giyo karena pak ustad saat ini tersiksa tidak bisa inalillah wa ina illaihi ro ziun !" Wong loro njuk ketok kaget, tros seng bojo enom takon sajak cemas
" pak Agus sekarang bagaimana ?" "Waaa.... jangan di tanya mbak jiaan remok mbak.! Saya aja miris kok mukanya jadi kaya gitu teng pecotot itu lho mbak, kayak habis di pentungi malaikat pokok nya kasian lah..!" Si Agus nyawang aku sajak sengit...wkwkwk
Hiess ben salahe due bojo loro seng kene golek siji we angil jehh...wkwkwkk..
" Sekarang saya mau tanya mas ! Kapan kejadian mimpimu itu ? " Seng lemu genti takon sajak ra percoyo..
" ini saya hanya menyampaikan amanat masalah njenengan mau percaya monggo tidak yo ndak apa apa .itu bukan urusan saya. Yang penting amanat sudah saya sampaikan ..!!.tapi ingat saya ganti tanya ...
PUNYA NASI NGGAK ??
Nyaur Utang
Yo maklum lur karang ket wingi durung klebon opo opo wkwkwk emoticon-Ngakak wetenge bola bali klurak kluruk.
Aku tros di jak mlebu karo mbak riris kon njagong neng ruang makan. Neng nduwor mejo makan tak sawang ono tudung saji seng di gawe seko anyaman bambu apik " silahkan Seadanya ya mas..!" Jare si riris karo njikokke piring ro sendok.
Gandeng weteng selak ngeleh rasah pikir panjang .....sikaaat bleeh..! Tudung saji tak bukak.
lhaaadalaah...!!
Ming kari koretan jangan oseng oseng kangkung ro sego sprapat ceting ro piring iseh ono lengone ...hedeeeh....! Pancen nasib ki nek lagi zong..wkwkkk
" loh..... ayam gorengnya kok ndak ada. ? " Takone Riris karo mbukaki lemari makan. " Udah tak makan tadi ...!" Jare si Rini..
" Wooo...... tadi mbak Rini belum sarapan to ? !" Jare si Riris.."Ya sudah ..! Cuma pingin lagi, jadi lauknya tak gado..nggak ada cemilan sih..!" .
" Jiaaaaan ra perasaan tenan kok seng jenenge Rini ki...! .tak sawang si Agus nyekekek...mangkelke. Batinku..hhhh..njuk nasibku piye kihh.." maaf ya mas tak buatin mi instan mau ?" Jare si Riris , aku yo mantuk alus...Hahaha lha piye meneh, seminggu bladekan mi instan wkwkkk.
Alhamdu ...lilaah.. .
Bareng rampung mangan jagongan meneh neng ruang tamu.." loh mase kenal karo pak Giyo ? " Takone riris.." Blas...ra kenal mbak ! Ning katane si Agus mbak Rini yang kenal !! ,Si Rini sajak ketok mikir njuk O.....pak giyo to...ngerti Aku ,itu masih kerabate mas Agus..!"
Akhire do rembukan dewe poro Ahli waris ..jare arep moro silaturohmi nenggone pak Giyo karo ngrampungke urusane Agus. Gandeng wes wareg ,tor tugasku wes rampung aku njaluk pamit bali karo tak tinggali alamatku mbok menowo ono opo opo iso ngubungi aku..hehehe..terutama..Si Riris...wkwkwk..ngarep.. Si Agos bola bali matur nuwun mugo mugo kasil kajatmu goos...hehe..
Tekan ngomah nyaut walesan salin kostum pendekar pancing ,kaaat golek lawoh...wkwkk..
Let seminggu aku kedayohan uwong jare utusane uztazah Riris menehi undangan tahlil nenggone agus karo amplop duwit karo surat sing isine pak Giyo wes ngiklaske malah duwite di wenehke Aku...wkwkwk...
jooos ..nasib nek lagi bejo yo pancen ora keno di kiro. Iso mbayar utang mi instan neng warunge tonggo sek broooww.. wkwkwk.
============================TAMAT==================================
SC: Dokter Kung Top
Gabung dalam percakapan