Misteri Omah Londo

Misteri Omah Londo

Crito iki ming crito fiksi yo lur dadi seumpomo ono jeneng lan papan seng podo ora njarak

Crito iki tak wenei judul " Misteri Omah Londo."

Critane ngene..

***

Ngerti dewe to lur, gaweanku ki mancing, ning sambenanku tukang gae omah. Boso gaule pemborong cilik cilikan wkwkwk. Nah ...wektu kui aku bar tandatangan kontrak ,renovasi omah lawas di dadekke ruko, lokasine pinggir dalan gede..

Tak delok omah lawas iki wes bola bali ngalami renovasi. Gandeng gambar seko arsitek e dadi ,gage arep tak eksekusi. Tak ukur ukur luasane. Tak goleki patok patok wates tanahe ben ojo nganti kliru ing tembe mburine. Seng dadi seksi ngukur aku njaluk tulung tonggo kono ,jenenge Pak Broto.

"wes arep di bangun po mas?" Takone Pak Broto

"enggih niki..!" Jawabku

"seng numbas tiang pundi mas ? " nek asline tiyang jogja mriki kok pak..! ning pon dangu nyambut damel teng Jakarta ..namine Pak Agus , teng mriko dados kepala bank !"

"Njuk arep di gawe opo ?" Takone Pak Broto..." Ajeng di gawe Ruko pak..! jawabku " omah niki awale nggene sinten to pak kok bangunane kadose kawit jaman londo..?" Takonku.

Pak Broto njuk crito nek kawit deknen bocah bangunan iki wes ono , seng duwe wes bola bali ganti , seng terakhir seng duwe jenenge pak Karno, Omah iki bola bali wes di renovasi bola bali dinggo usaha neng mesti bangkrut , wes tau dinggo rumah makan bangkrut, dinggo usaha dodol bibit roti bangkrut, taylor tukang jahit yo bangkrut seng terakir dinggo bukak les les an cah sekolah ra payu. Nek jare pak Broto nggone angker ,okeh pegawe seng ra betah mergo sering di weruhi demit..

" mbok sampeyan ra meden medeni to pak..kulo niki jirihan je !!"

"Weee..lah niki kulo crito tenan mboten meden medeni..! "Jare Pak Broto .

" Nek sampean dewe tau di weruhi nopo ??" Takonku kepo .

" Nek di weruhi dereng tau nek krungu wong adus kaleh suoro teng glotek rame banget kerep mas nopo melih niki wes suwong noko rong taun luwih to niki wes dadi tambah singup. Gek sering krungu wong omong omongan do ting jlerit..hedehhh...

Malah dadi mrinding aku ngrungokke critane Pak Broto. Bareng rampung le ukur ukur aku teros mlebu niliki njero omah. Jian gandeng bangunan lawas kayune gede gede iseh wutuh wutuh, ming temboke wes do njamur . Nek konsep bangunane top tenan yo ra maido arsitek londo pancen hebat hebat. Jane nek aku seng duwe eman nek arep di mbrukke. Tak sawang ruangan mboko ruangan blas ora ono keanehan. Hedeh diapusi mbah Broto kih.. Nek tebakanku seng duwe mbiyen mesti bangsa borjuis nek ndelok ruangane karo bangunane.

***

Sesuke tukangku wes do teko noko wong rongpuluhan langsung tak printahke eksekusi ngrubuhke bangunan lawas. Hari pertama aman ,gandeng tukangku wong adoh magelang kono ,dadi bengine do nginep . Hari kedua bongkar atap aman. Hari ketiga wes mulai rodo aneh , tukangku loro kesurupan.

Sorene wong papat pamit njaluk mulih keweden hede gari wong 16. Hari ke limo dino Jumat sore tukang 2 do tibo seko ondo untung ora patio parah ming lecet karo kesleo. Jare ondone koyo ono seng njorokke. Dino setu biasane bar bayaran do mulih ning ono tukangku loro seng arep lembur mergo kepepet butuh wkwkwkwk " wani po koe turu cah loro neng kene..?" Mboten mas ajeng tilem tenggene rencang..!" Nek mengko bengi ngancani aku turu kene tak tambahi duit gelem ra? " puruuuuun ! Jawabe wongloro bareng....wkwkwk dasar moto duwiten

Misteri Omah Londo

Malem minggu aku dikancani tukang 2 nginep neng bangunan londo seng arep tak dadekke ruko.

***

Neng bagian mburi ,pancen ono ruangan seng sengojo ora tak bubrah mergo dinggo nginep tenagaku. Gawe kopi ngobrol cekikak cekikik sinambi cress bul bul (red:merokok).

Bareng jam siji bengi suasana wes rodo sepi. Wes ora akeh suoro motor seng liwat, maklum pinggir ndalan. Lagi penak penak jagongan slentang slenting mambu ora enak banget..

" jinguk ki sopo seng ngising ki !?" Takonku karo tukange..kowe yo..kin..!

". Waa..mboten pak..! Senes kulo..jaenal niki paling !. Mboten deng sanes pak waaaa..mendakwo koe kin ! Omonge jaenal. " wedos nan oq..mau do mangan batang po? ambune koyo jumbleng ( buangan wc ). Hanek jaenal ora, zikin yo ora..hanjuk sopo..? " cen enggih kok pak, kadang mriki cok mambu ngeten niki nek bengi ! Jam siji jam loro niko sok nggundeng ambune..!"

Opo ono seftytang seng bocor po ? Sesok tiliki yo..!" Nggih..

Ora let suwe njuk krungu suoro teng klonteng neng ruang tengah. Tukangku njuk ketok pucet keweden." Suoro opo kae..?"...takonku "tiliki kono kin !"

Zikin tambah mengkeret njuk gedek gedek.." mboten wantun kulo pak..! Nnjenengan mawon..! " "heleh..ming karo tikos we wedi ! " nek niko sanes tikos ...! wingi niku nggeh ngoten onten suoro teng klonteng di tiliki lek di, kaleh lek,min malah do kesurupan njuk awane bali niko nopo ...! ming nyambut gawe entok 2 ndino..

"mbueell " aku njuk menyat opo to seng gawe suoro ki..

Bareng melebu ruang tengah mak jegagik.tak delok ono cah cilik cilik wes dadi badan alus do dolanan balbalan. Seng nggo gawe bal ,panci bekas. Seng biasa nggo masak tukange hedeh, pantesan suarane teng klonteng. Tak sawang jelas anak anak londo nek seko praenane. umure kiro kiro 11-12 taunan sandangane jadul th 40 an..ming wes dora wutuh ono seng ndase bolong ono seng gulune meh tugel ono seng wetenge mbrodol hedehh. Aku njuk kelingan jaman cilikanku ndisik dolanane karo bregejil bregejil ngene iki wkwkwk..dadi yo ra wedi . Wediku ki malah nek karo wong wedok jiaan opo meneh seng ayu ,hedehh... ngoplok tenan aku ....ha mengko nek di emot...!!!..hayo piye jal..lak memedenkan to lur....mongko nek do nyawang aku kae koyo nyawang mbanggulo...manis banget... .

***

Ndilalah panci tibo nengarepku. Cah cah londo seng wes dadi badan alus mau do mandek kabeh le dolanan njuk namatke aku kabeh. Malah ono seng moro nyedak karo ngobah obahke barang seng ono nengkono. Karepe mungkin meden medeni...tatapane ketok nek nesu ambune lur...hedeh...badeg banget koyo jumbleng. Genten do tak pandengvmalah sajake ono seng penasaran arep ndemek raiku. Tak gojegki wae tak getak

" Bhaaaaaaaaa...!@#@!!!" Langsung do njerit kabeh....bubar...mlayu teng pentalit nembus tembok sebelah kiwo..." hasemiii....jan jane seng demit ki sopo to !?? Jilak nan oq..

Terus terang wektu kui aku sebagai joteng..( jomblo ganteng ) merasa terlecehnya..atas perlakuan si demit

Misteri Omah Londo

Misteri Omah Londo

Bareng bregejil bregejil do minggat tak sawang isih siji seng lungguhan neng tumpukan semen karo nggatekke aku. Tros tak cedaki ,sajake ngerti tak cedaki deweke tros mudun ngadek nggejejer nengarepku. Wedok lur iseh bocah rambute dowo mripate ireng kabeh nganggo klambi capet capet rupane biru enom ming nggon lempeng sebelah kiwo bolong. Noni londo siji iki jian sopan tenan , karo aku mbungkuk . Yo tak bales mbungkuk. Deknen tros tangane nunjuk tembok sebelah kiwo tros mingseg mingseg seko mripate metu koyo luh ning rupane ireng mirip lendut.

Tros ngomong boso londo..hedehh..." aku ra dong nduk...koe omong opo..?". Deweke njuk mlaku nuju tembok. Tangane ndudingi tembok sajake arep ndudui sesuatu njuk deknen bablas mlaku mlebu tembok kui. Kiro kiro opo yo.? aku malah dadi penasaran, tak tutuk tutuk temboke kandel banget karang yo bangunan londo. Tros tak turut jebol ono lawang jruji wesi ning kok neng gambar ora ono. Wah sesok awan wae nek padang batinku . Bareng aku mbalik kyaaaassssiiiiiiiinngg Kobis kiii..!!!.get geti jinguk tenan..!!

Si jaenal ro zikin ki neng mburiku ra omong omong.." madosi nopo e pak? Takone jaenal "KOWE KI LHO, NEK TEKO MBOK OMONG OMONG GET GETI WAE...! " tak kiro

wes do turu je.. "nganu e pak enten suoro wong adus !" Jare zikin "hanjuk kon ngapakke ming ono suoro wong adus kok laporan !"..njuk sejak kapan kowe wedi wong adus hedehh..!??" Ning aneh pak ! wong adus kok bengi bengi..! Jare zikin..." YO tiliki aneh aneh wae kowe ki jian..!" .

Pancen ruang mburi ono kamar mandi kuno wes ora dinggo. Bareng tekan kono peteng banget wong ra dipasangi lampu.." endii...gene raono opo opo.

kowene wae seng jirih. Banyu we ra ono arep ados nggo opo..?.wes turu wae kono sesok ndak ming mbayari wong nganggur aku !" Njuk do ting klitih mlebu ngebrak. Ning pancen aku kroso ono glibeting lelembut neng kono.

Pancen tak sengojo lur nek tukangku ora tak kandani ndak do wedi ora gelem neroske gaweane malah target ra kecekel iso coto aku..!! wes bacut tanda tangan je..

***

Singkat crito yo lur bar kejadian kui proyek lanjut sesuai jadwal ora ono gangguan. Tukang tukang yo wes nyaman blas raono bregejil seng ngganggu. Opo wedi ro aku yo lur....he he he bareng proyek wes meh dadi garapan ming finising bongso ngecet lhakok mulai meneh. Saluran banyu iso do bocor mongko wes kependem tembok dadi temboke do teles..." opo lali ora di lem po pralone pas sambungan ?" Takonku karo tukang seng tanggung jawab masang saluran " mboten mungkin pak wong wingi wingi nggih mboten bocor..! " coba di dedel temboke dicek seng tenan..!"bareng tak cek pralone garing blas raono seng bocor. Njuk banyu seko ngendi kih tak demek banyu tros tak ambu hedehh...banyu jumbleng iki.yeeeek." jumbleng wc lawas nengendi ?" Ketoke teng ngajengan mriko pak...! Jare tukange.." bongkar dundangke sedot wc diresiki sisan !".bareng diresiki blas raono seng aneh. Banyune we raono wong suwe ra dinggo. Tros aku kelingan mbiyen bregejil bregejil nembus tembok ruang tengah lantai siji. Temboke takkon ndedel sisan mergo temboke pancen kawet mbiyen ora di bongkar mergo digunakke nopang bangunan anyar bareng lepane do tetel ketok seko susunan botone nek bekas pintu ning di tutup mboh sopo seng nutup . Tak turut jebol samping omah..wooo hatros jumblenge ngendi hedehhh.....neng gambar blas raono..

Bareng sore tak sawang neng samping omah noni anak londo seng mbiyen tau petok aku kae lho lur ngadek karo namatke aku. Tros ngawe njuk ambles bumi.....waaah candake...." sopo gelem ngewangi aku sok setu tak tambahi satus ewu !"....langsung do semrintil wkwkwk

Bareng di duduk tenan wae ono koyo tutup jumbleng ukuran gede bareng di bukak isine balung balung tengkorak menungso hambok wakeh tenan lur nek iki tep kuburan masal tukangku do njingkat wkwkwk..." sopo seng wani ngunggahke..?" Tukang semono akehe do gedeg kabeh ,wedi nek kesurupan.. wkwkwk..."yowes nek do ra wani di tablek lemah sisan..!" Tros jumbleng gede di urugki lemah nganti roto. Tak sawang seko njero jumbleng seng bar diurugi njebol badan alus murub pamore hambok atusan lur do munggah koyo konang ndedel tros ilang tak kedepke. Mugo mugo lepaso paranmu yo mbahhh....!ming kari bocah wedok mau lur marani aku karo mesam mesem njuk ngomong " maturnuwon nggih pak sampun kepareng paring pitulungan dumateng jasat kulo dalah sedoyo keluargo kulo, sakmeniko sampun wancinipun kulo badhe nyuwon pamit !" HAGENEEEEEEE....!.iso boso jowo hedehh....sek ojo lungo sek... kowe ki sopo ? njuk seng mateni kowe ki sopo? . Deknen njuk crito . .........................................

.Oooo...ngono to critane...!! Hedehh dowo banget critane Pantesan le ngetik kesel.. ...yowes mugo mugo lepaso paranmu yo......bocah ayuu !! njuk bablas ilang tak kedepke...hedehh..ono ono wae critane noni londo mau yo lur....

===================================Tamat===============================

SC: Dokter Kung Top