Janda Muda
critane ngene:
Jam sepuluh esok ketamon konco lawas, si Hilman. Kelingan to lur? alahh gudel
Pemborong ,seng mbiyen renofasi omah neng mbekonang.
" wooh... tambah mukti kowe del..! Tumpakane ganti Alpat wkwkwk..!" omongku karo mbukakke lawang..
" ngone bosse...!" jare gudel merendah..
" kene mlebu tak gawekke kopi !" omongku
" iki ono titipan seko bojoku..! " jare gudel
karo ngelongke kresek isi rokok senenganku sak pak ,gulo kopi komplit sak notane indo maret wkwkwk.
" opo iki...? Mbok rasah repot repot dadi ra penak aku del. Mengko dikiro aku ki cah ndremis. yo ming iki tok ? " takonku ro nyekekek ...trus neng pawon nggodog wedang...
Bareng wes dadi tak sandingke ngopi bareng karo rokokan ngobrol ngalor ngidul, cekikak cekikik..
" kowe ndene ki ono perlu po dolan ?" takonku .
" yo dolan karo ono perlu juga siih..!" omonge hilman.
Tros deknen crito nek deknen oleh garapan gawe ruko neng Solo, Penere neng widuran.
" loh daerah widuran ki nek ra salah isih lemah kraton to ? nek ra kliru jenenge mager sari. Daerah kono kui isih okeh bangunan londo to ?"
" lha iyo... ning embuh kok seng tak tangani iki ono sertifikate je..!" omonge gudel..
"terus karepmu?" omongku karo nyruput kopi...
" lha... bangunan iki arep tak mbrokke ganti model Anyar ,lha tukang komplit ijin yo wes nyekel, lhakok do wegah nandangi mergo Angker nggone..!" jare si Hilman gudel.
" Alah.... angker ki ono apane ? Golekke wong pinter daerah kono lakyo okeh. Opo meneh cerak kraton wuuu. Wong pinter tok kono kuwi !" omongku..
" ues je mas broow.... malah ora miing siji sranane yo konplit neng koyone ora kodal. Wong wingi tukangku ono seng kesurupan njuk liane wedi njaluk bali...!" omonge gudel..
"Njuk karepmu aku arep mbok pakakke ngono ?"
" yo oraaa.. kan kowe duwe ilmu seng nggo ngilangi bongso koyo ngono!"jare gudel.
" jare sopoo? Ngarang... aku ki dudu dukun yoo.. !" omongku
" mbok tulung di tiliki, tiwas adoh adoh mlayu jogja..!"
" wah.. piye yodel, aku dewe saiki lagi sibuk je proyekku yo lagi okeh dadi perlu pengawasan extra je!"
" Alah ming niliki tok njuk uwes !" jare gudel ngrayu...
" piye nek koncoku wae sek niliki ?"
" sapa?? "
" Sek takone ndene cahe...!" omongku karo njikuk hp
" peeeee.....! Koe nengendi ? Moro ndene ! Penting ki ! Yo....! Cepet !"
Janda Muda
Rasah kesuwen, Tak bacutke ngobrol karo hilman gudel sinambi ngenteni tekane kesatriya ef yu
" lha saiki seng duwe sopo ? Opo yo isih kerabat kraton solo ?" takonku
" Awale iyo wong jenenge nganggo gelar kraton tros dituku warga keturunan tiyong hua, njuk saiki tibo bosku kui.!" omonge gudel.
" bosmu wongendi ?" takonku karo ngenpakke udud neh...
maklum lagi sugih udud isih rodo dowo tak cecek. Biasane nek rung nylomot lambe rung di buang wkwk.
" bosku wong jakarta Pak Handoyo jenenge, undang undangane koh Han. Keturunan tiyong hwa ning muslim !" jare gudel .
ora suwe krungu suarane helikoptere si p seko kedohan edek edek edek dreedek edek kebul putih mambu oli kemelus metu seko ef yu ne sipe hedeh ..
" Kopiku endi ?" takone si p karo nyalami gudel
" gawe dewe kono neng pawon ! Biasane yo gawe dewe gaya...!" omongku ,si p njuk njujuk pawon
" kui po wong sek mbok omongne? " takone gudel sajak ra percoyo.
" hayo kui ..piye ?"
" kok ora meyakinkan..! Ora gojek lho kowe !" omonge gudel ,
Si p njuk teko karo nggowo gelas gede kenelus panas
" kenalke pe, iki koncoku seko solo jenenge gudel arep ngejak dolan kowe !" omongku.
" Siaaap !" Jare si p .
si gudel namatke si p seko duwur tekan ngisor..
" wani po kowe ngusir demit ?" takone gudel
" wooh ngece ..si p ki cah kendel je padakkan ..!" omongku mbombong si p , si p malah plenggongan
" demit opo to ?"
" kowe arep tak jak neng solo ngusir hantu !" omonge gudel, si p njuk namatke aku
" wani pe.. kecil.. ngono peee..!" omongku..
" yoh...wani..!" jare si p mantab...
" yowes nek ngono rasah kesuwen budal saiki wae mas pe ! Ndak selak kesoren !" omonge gudel
" kowe ra melu po ?" takone si p curiga karo namatke aku hahah... Aku ming gedek tok
" woooo..... yo raaaasuuudii !" omonge si p wkwkwkkk
" kowe mangkat ndisik mengko tak susul !"
" giyaaaah ! Ming diapusi tok mengko tak susul ! ..hh lagu lamaa.."
" nek cah loro gelem nek aku dewe hambok di bayar piro wegah" ...
" mengko tak sarati ben iso weruh koe ! Koyo mbiyen kae lho, Nek kowe raiso ngrampungi, lagi tak tandangane..!" omongku nenghibur si p.
" teteep weegaaah !" jare si p.
" njuk piye iki ?" jare gudel.
" hiess jian, kepekso aku seng mangkat. Sek toto toto sek. Bakale ra rampung sedino iki. Mongko sesok setu je mbayari tukang, terminku rong mudun !" omongku
" gampang, tak bayari sik!" jare gudel...
" yo mangkat mampir proyek sek , mbayari tukang !"
"siaaap" jare gudel...
sidane aku mangkat di kancani si p, tukangku bayaran dino kemis wkwkwkk..
Janda Muda
Bar magrib lagi tekan lokasi ,wah nek ndelok lokasine mesti wong milyarder seng tuku.
" bosmu mblegedu yo ?" Takonku
" yo iso ngono biasa pedagang !" jare gudel karo mbukak gembok regol .
Bangunan jaman kolonial campur cainis. Lantai loro neng nduwor dag dagkan kayu jati kuandel kandel. Nek aku eman eman nek di bongkar. Ruang ngarep isih okeh mebel mebel kuno ,rak rakan tememplek tembok seko kayu jati isih utuh. Bekas sinse po yo? Kok isih akeh tulisan tulisan cino. Ngarep ora pati jembar jebul mburi ngantong jembar banget. Ruang samping wes okeh tumpukan matrial semen karo wesi, ming tukange blas raono siji sijio.
" lampune coba diurupke del !" akonku
Trus klek byar .. lampu lampu isih fungsi. Neon dowo isih do murup...
" hagene nggone padang tor resik !" jare si p
" lambemu peee....! Kowe wani po turu dewe.?" takonku
" raaaa ..ra ra ra !" wkwkk...
pancen koyo ora ono hal hal seng nencurigakan .
" piye Kahanane menurutmu ? ono ghoibe ora ? " takone gudel..
" kok koyone wes resik yo. Ora ono energi seng tak rasakke. Ning aku kok durung yakin . Oleh aku nginep kene sedino wae..?"
" oleh..! opo butuhmu tak sediani..!" omonge gudel sumringah .
" duwet kes wae tak blonjo dewe !"
"siaaap !" Jare gudel karo ngetokke dompet tros ngelongke lembaran abang cacah sepuluh
" cukup to iki ...? "
" turah..! Jareku wkwkwk...
" yows tak tinggal bali, sesok tak rene ..!" omonge gudwel pamit bali.
" yo pee.. jalan jalan kuto solo. Golek tengkleng wkwk !"
" siaap ...! Mampir silir ora ?" ..takone si p
" Mbuuuuuaahmuu !"
Janda Muda
Mlaku mlaku neng kuto solo wayah bengi asik juga ya. Panganan pepak gek rumangsaku enak enak. Nyobo tengkleng jan heleb tenan jare wong kono wkwkw. Si p jian ngerti ono seng mbayari le madang jian kemaruk. Sate 2 porsi tengkleng 2 porsi. Wedyan untalane akehmen wkwkwk. Jebul tengkleng ki nek neng solo endas wedus karo balungan jian mantab jiwa poknen. Si p nganti kemlakaren. Ora lali tuku kloso , bantal obat nyamuk mbok menowo nyamuke akeh jare si p gandeng takkiro cukup le jalan jalan .
Jam rolasan tekan widuran meneh. Si p langsung nglekar neng kloso. Aku nggelar sajadah leku nggowo seko omah
" peee.. saiki malem jemuah kliwon yo ?" takonku
" hemmm..!" si p lemangsuli asal
njuk gorr gor gorr ngorok hedeeeh malah ngejak bathang Batinku. Aku njuk madep kiblat manekung marang gustiku. Rampung aku isih silo wirid sedelok . Dumadakan kupingku sayup sayup krungu suoro kemruwek ora ceto seng jelas suoro tangis , rintih ngrintih wakeh tenan. Njuk awakke kroso ono energi ghoib kuwat banget .
Soyo nyedak soyo nyedak, tak rungokke si p wes ra ngorok berarti tangi cahe , batinku. Aku dewe yo wes siap. Matek tulak balak seng diajarke kyaiku ndisik. Alon alon epek epek tanganku metu semburat werno biru murup tipis. Bareng aku noleh, jebul si p matane abing, tangane es siap nekak guluku seko mburi.
Langsung tak babitke ,krengkangan. Njuk mbrangkang mbrangkan arep nubruk aku meneh ..
"sori yo peeee...!"
tak keplak pilingane ..plaaak ! Si p tibo krengkangan bareng karo wewujudan seng mau mlebu neng ragane si p, tak cedaki si p , tak keplaki alon
"pee...! Pee..! tangi pee.! Karo tak leleti air surgawi pas matane. Si p njuk melek alon alon
" oopo... ono opo ? " lego rasaku...
Si p iso sadar njuk mbengok banter banget karo tangane nunjuk nunjuk wujud kang nggilani ...
"Huuuwaaa....!,huwaaa...huwaa...!" bengoke si p .
Gilapen nganti nguyuh manggon tros malah semaput. Hedeeh, tak jak ki karepku tak nggo ngancani e malah koyo ngene. Pancen ra maido lur pancen rupane rodo aeng bagiku. Awake menungso kebak wulu koyo munyuk ning rupane koyo kalong ming monconge cendik duwe swiwi koyo lowo. Mripate abing, pamore abang jelas bongso kajiman iki. Jebul bareng tak matke ora ming siji, gek do mentelengi aku kabeh. Nek tak rasakke doyo energine jelas jin kaplak iki.
wes atusan taun...
Janda Muda
Tak gatekke kabehe ono papat mung gedene bedo. Seng loro sisih mburi kae mbok menowo biyange. Duwure rong meteran, polahe luweh tenang ming nggereng nggereng ro ngibas ngibaske rambut ro swiwine. Seng loro nengarep luweh agresif, matane mencereng. Polah ngiwo nengen sajak golek selah arep nubruk..
" nubruko mbah, Wes tak jagani"
Tenan wae sing sebelah kiwoku melesat koyo tatit cepet banget karo nyuoro koyo Asu ajak. Ming gumunku begitu keno dadaku langsung ambyar. Aku dewe yo mental mundur. Seng telu kaget, sajak ora trimo sijine mabur njuk nyamber. Reflek tanganku nangkis tros tak saut sikile. Tak banting mudun, tak ubengke terus tak uncalke munggah jebleske dak kayu nduwor klontang....dok...! . Koyo krungu barang tibo seko loteng krompyang...! Koyo guci wadah awu ngglundung .tibo ambyar nengarepanku.
" hayooh...koe biyange. maju sisan kene !, ojo maju mboko siji ! Majuo bareng..! Aku ora sulap nyawang wujudmu..!" omongku karo nudingi rupane seng kawetmau mentelengi aku...
" kowe ki menungso opo ? Wani mlebu kene..? Kene iki wilayahku wes mataun taun..! " "Rasah kakean cangkem .! nek ra wani minggato ojo bali rene meneh ..! balio neng asalmu. Nek wani hayo..! .mati sampyuh bareng karo aku.!" omongku ,
Jim loro seng gedene sak gajah abuh sidane muntir pilih minggat ngepakke suwiwine ..
" yoh.... ning urusane dewe durung rampung...! ! "Omonge deknen ngancam karo nudingi aku.
" Iblis laknat ...! Wani ngancam koe yo...nyoh..!"
Langsung tak bandem barang seng neng cedakku iso mak blaarr..! Ambyar koyo pasukane Didi Kempot wkwk. Seng siji weroh koncone ambyar gilapen njuk mabur minggat. Mboh nengendi parane.
Tak delok si p wes sadar lungguh ndepis neng pojokan isih ngoplok, katoke teles.
"nggowo salin ra kowe ?" takonku, deknen gedek.
hayo terpaksa ,sarungku dadi korban hiess..jian. gek di resiki kui njijiki...gerang ngompolan...! Tros ados...hh..ambune .
Janda Muda
" kae ma... ma.. mau op opo to ? Kok ono mahluk ko yo ngono...? " takone si p karo isih baikl.
" kae mau yo mahluke gusti Allah, bongso kajiman. Nek jenise macem macem. Lha seng mbok delok mau jenis menengah. Sak nduwure ono meneh Luweh tuwek seng do diarani Iblis.."
" kok diarani jim ki piye to ?" takone si p meneh ..
" kui ming istilah menungso nyebut mahluk seng ora iso di delok nganggo moto. Asale seko huruf hijaiyah jak ,nun. Ono seng ngarani jin, jan, jim,. Ono ujut mahluk ning ora iso di delok nganggo mripat utuh . Conto gampang jan nin, seng neng guwo garbane ibu. Ono neng ora ketok ming iso dititeni nganggo ilmu titen. Wetenge soyo gede, ning yo hurung karuan nek wong wedok ki wetenge gede njuk ono janine. mudeng ?!" ...
"Ora..! "
" Hahah mbuh lah, sesok koe ngerti dewe..."
" nek widodari kui yo termasuk jin ? "
" hayo pokoke nek ora iso di delok nggo moto jenenge jim"
" nek bongso penyakit koyo virus, bakteri...opo kui yo klebu jim ?" ..
" hanek kui takono karo karo dokter seng duwe ilmune...hhh..."
" nek seng neng mburimu kui opo ? " takone si pe
aku tros mbalik jebul wes ono wewujudan wong wedok ayu mripate sipit. Nek nitik penganggone jelas trah may sin kih. Tangane di tangkepke njuk mbungkuk mbungkuk bola bali...
" weeeh..... kowe metu seko ngendi nduk cah ayu ?" takonku..
Deknen njuk nunjuk guci cilik seng tibo seko loteng.
" jenengmu sopo ??"takone si p rodo wedi...
" namaku Nanda om ! oe utaplkan telima kasiih. Si koh bebaskan oe dali guci. Owe udah bebas !" omonge nanda
logat cinone isih kentel. Iki berarti tumbal ..
" sek sek kowe ki sopo ? "
" Oe dulu anak bah Tong pemilik lumah ini om !" ...
waiki
" Cobo critake omah iki nggone sopo tros kenopo kok dinggo sarang jim jim lowo kae mau sengoro deknen teko dewe. Mesti mbok undang tros mbok puja puja !"
" bukan om ...itu mahluk jahat..! "
" deknen ora bakal njaluk tumbal nek ora ono perjanjian menungso urip. sopo ...hayo ngaku.. bapakmu po bojomu ? Kae mau jelas jim pesugihan..!"
"Suami oe om !" .
Awal mula clitanya begini om.....
Dadi critane ngene lur. Babah Tong bapake Nanda cino ayu iki duwe usaha sinse ilmu pengobatan tradisional cina.
Laris, mergo babah tong kui pancen pinter ilmu pengobatan. Gandeng Babah tong mati ,di teruske anake wedok si Nanda .
Janda Muda
Jebul guci cilik seng tibo seko loteng nduwur mau isi jiwa ne si Nanda, cino wedok ayu rupane. Seng kanggo gawe tumbal pesugihan ,mripate sipit lambene tipis. Omongane campur campur jowo, melayu ,cino.
Ning aku kok rodo tertarik karo critane Nanda. Hehehe...
" Babah Tong kui bapakmu kandung?" takonku.
" oo... bukan lahh papah tong olang tua baik hati...! lumat owe dali keciii lah. !.
" lho kowe ki keturunan opo asli cino ?" takone si p
" Aseli lah . Oe bilang asli pasti aslilaah ! Oe dibawa lewat kapal kata olang, jawa negala sulgaa...! oe bisa jadi apa aja disana. Lah oe susah payah masuk kelanjang buah ,trus dibawa ke jawa..!" Jare nanda
" O..dadi kowe ki mlebu tanah jowo ki di slundupke...?" Nanda matuk ,
" Umur piro kowe wektu kui ?" takone si p
" aku umul Sebelas taun ! teman oe banyaak , yang mati juga banyak. Satu minggu di atas kapal tanpa makan maa..!
"wooo dadi perdagangan manusia ki wes ono ket biyen yo.!" omonge si p njuk rodo nyedak...hh ..
"tekan jowo kerjo opo wektu kui ?"takonku.
"jadi keplee lahh...!" Jare nanda..
" whaaat....! umur sewelas taun dadi keple..?? astaghfirulaah...! .edyanik adoh adoh seko negoro cino toh nyowo ming dadi koyongono kui ?" takonku rodo mrinding...hhh..
Dadi wong biyen ki yo wes seneng ABG...hh.
"Kita olang kena tipu lah...!" Omonge nanda
" Ning,kok jenengmu Nanda ? Kui lak boso kene to kui?" takone si p
" nama oe dulu wan cien ! Sama olang tua angkat ,babah tong , di ganti Nanda yang artinya anak ! "
" oe di slamatkan oleh babah tong ! , ditampung di sini.." jare nanda
"ora ..kok aku rodo bingung, babah tong ki kok iso duwe omah iki mbiyen mbiyene piye? " Takonku nlesih
" babah tong itu olang telholmat...! kalena pintar dan baik budi..! Suka menolong olang tanpa pandang bulu, olang blanda, jawa, cina, makanya bertenan aklap sama pejbat blanda..! tuan van hall namanya, Lha ini tanah di kasih tuan Van hall .tujuanya dibuat. tempat pengobatan ala chaina....! Lame...a..dulu banyak olang datang...belobat..!"
"tapi ha olang nipon datang ....! lusak tempat ini..! .babah Tong dibunuhhhaa. Tuan Van hall dibunuha. Kami yang muda cantik dijadikan budak nafsu..nipon a.."
" hakok kowe ora nglawan !"
" mana... blani oe.. olang pemerintah nipong kejam kejam..a...tidak nulut bunuh tidak nulut bunuh.....ditusuk Pak e pedang anjang oe (samurai) takut...!" Jare nanda
"....hh..kui nusuke pas nggon ngendi ? ..nggon weteng po lakang ?" takone si p ndedes.
Janda Muda
" jilaaak ... lemu takon nek ming penusukan nggon kono e rasah di takokke !" omongku..
" pada masa pemerintah nipong kami olang hidup susah. Kami pelempuan tionghwa sangat sangat mendelita. Tidak mau layani bunuhh...! ,tidak cantik bunuhh..! Kami setiap hali suluh layani lima sampai delapan olang tanpa bayar. Kami cuma dibeli nasi jagung dan ketela. Kami olang terpaksa ha..! untuk beltahan hidup !"
" sedino nglayani jepang wolu. Haniat ambyar barangmu ?" takone si p soyo ngangsek nyedak ..hahah langsung tak jewer lambene...
" rumangsaku kowe ki ra mesakke...! malah takone werno werno "
" loh...kui lho ..! mbayare ming nggo telo.! Entuk ayune koyo ngono!" omonge si p karo ngeces...
" Nek saiki iso mbayar nggo telo ora yo..wkwk!".
" Mbok ra saruu..pee..!" Hhh
"hahaha kui mbiyen pas larang pangan suu !!"
"makanya banyak lair anak nipon .keturunan caina hh...!" Omonge nanda.
" Melas tenan uripmu mbiyen nda ! .biasane nek ono demit jurhat ngeneki njuk mingsek mingsek nangis, kowe kok ora nda ?" takonku, " oe olang udah tidak bisa nangis air mata oe udah habis maa..! Tiyap malam oe selalu nangis, nangis, dan nangis...! Lepas tu nipon kalah. Banyak nipon bunuh diri...!" omonge si nanda..
" lha.. tros lepas penderitaamu ora nglayani jepang meneh...?" takone si p
" Ooo... kamu olang salaah...! oe malah semakin mendelitaa ha.. susah cari luiii, susah cari makan. Banyak olang chaina mati kelaparan..!" jare nanda
" njuk tros piye..?" Takone si p ndedes...
"jalan satu satunya jual diri laah. Buat cali makan.. cali modal !" Omonge Nanda. "hedeeh.....! serabi wes ambyar po yo payu ?" cangkeme si p nylekop wkwkwk..
" akhirnya oe di peristri sodagar jawa !" Jare nanda
"nahh...! .iki njuk mulyo uripmu..!" Omongku
" Kami mulai berdagang dari barang kecil sampai besar..! Apa aja kami dagang sampai usaha jadi besar. Tapi yaitu dibantu mahluk halus. Setiap malam jumat kliwon kami harus sedikan darah..! "
" Darah..?" Takone si P..
" iyaa, dalah. Untuk pemujan ,biar lancar rejeki..! kata suami. Tapi lama kelamaan kami sendiri yang jadi korban ! Darah darah kami dihisap tanpa sadar. Banyak dari kami jadi sakit dan mati. Jiwa jiwa kami di kumpulkan sampai bertaun taun . Trus ada ramalan, kami bisa damai bila ada orang jawa yang bisa melawan ruh jahat. Makanya saya sangat bertelima kasih ama kalian maa ! " omonge Nanda mbungkuk bola bali..
" jiwa jiwa lain ada di atas ! " jare nanda .
" Oo. ngono. Dadi sworo kemruwek mau seko nduwor kae to. Yoh tak rampungne sisan..!" .
Aku ro si p munggah loteng jebul neng nduwur akeh guci guci cilik neng rak rakan lemari seng tememplek tembok, tros si p tak kon mecahi kabeh.
Prang..! Pyarr..! .
Njuk muncul kabut putih mubengi ruangan koyo ombak banyu. Meh limang nenitan si p lenyawang nganti ndlongop. Tros mulai ketok rupo rupo sipit murup koyo kunang.
Njuk teng kemruek wakeh tenan, nuk munggah ndedel bareng karo Nanda. Tangane dada tros plas ilang..
"Slamat jalan Nanda...!, lemu prihatin mbiyen ora sio sio ...! saiki anak turunmu was do sugeh sugeh. Aku njaluk putumu yo mbah nandaa.! " bengoke si p hhh...
" hass..telat..!" omongku..
" sesok tep njaluk tambah biyaya ro mas hilman ki...!..toh nyowoe..!.nggo tuku katok..! " jare si p mengingatkan aku akan sesuatu "
" Oooo...iyo pe...! Lali...aku...hedehh...Nanda mau katokan ra yo ?"
" hiess..jian...ra ngelengke kowe !,,..peeee...hh...!
" mbohhh...!" jare si p
===========================TAMAT==============================
SC: Dokter Kung Top
Gabung dalam percakapan