Hantu Sri Pujiatun
Koyo biasane lur.. crito iki ming Fiktip ?? dadi dudu kisah nyata.. ming nggo hiburan wae rasah di pikir jero wong ming ndobos tok..! ??. rasah dinggo perdebatan mergo blas raono gunane ????. ning nek ndilalah ono lelakon, utowo jeneng lan papan seng podo kui aku ra njarak.. lho lurr..!
Critane ngene
Waktu kui sirahku jian mumet banget..hhh..awakku Rada ngregesi..sajake arep kena flu..hh tenan lur..hal seng paling tak wedeni ki.. kena flu ngene Iki..hh..lha piye..opo opo ngrumat Dewe..durung Ono seng ngurus hh..maklum..durung payu rabi..wjwjkk..Jane aku yo wes jeleh..Urip Dewe Ki..Haning piye tak obral Yo rapayu tenan je wjwjkk..Ojo maido lho lur..wes kalah ro seng enom..??.
Ngetokke motor alon alon golek bakso..ben rada kemepyar njuk dombeni obat plu nganggo teh panas..ben gembroyos..karepku.hh.hakok neng ndalan petuk uwong..ndase ra simitris melaku nggeleleng nyegat lakuku..hh." Arep nengendi Kung?" takone
"Golek bakso !" Omongku aras arasen mergo sirahku cekut cekut " nek golek raono kung ..! anane tuku !" Jare karo nyekekek " Asembuh pee..! ayo boncengke aku..! sirahku gi mumetkih. Tenan wae bar mangan bakso kringet dleweran ora karuan.." pee ! Makmu nengomah ora ?" Takonku "Ono to ! ,lha piye ? " Mengko boncengke nengomahku ya..! tak kon ngeroki awakku ! Ketoke aku wes arep mati..!" Huusss..! nek omong mbok ra dleweran..cangkeme..! Due bojo we durung kok arep mati..hh..!" Jare si P
"Emange nek arep mati ndadak kudu duwe bojo sek ?...padune arep mbok lungsur to !" Omongku Karo nyendekke sirahku neng duwur meja." Ora Yoo..! Sesok ki neng kanane ditakoni malaikat ..WES TAU KAWIN DURUNG..? nganti Kowe muni durung...DIAJARR..,.DI PENTUNGI NGANTI LENGGEK LENGGEK..!". "Assembuh..!"omongku ngampet mumet " Ayo gek mbayar tros bali ! Mengko tak undang ne simak..!" Omonge si P
Tekan omah tros di keroki mboke si P jian pasrah..biasane ngoling ngoling..jare awakku panas..hh..lha kok ngerti ngerti aku Ki tekan pinggir kali.hh.nek ndelok spot e ora pangling kali Progo ngisor jembatan sudha..hhh..telak telik mancing Dewe..banyune ora patio butek .walesan seng wes tak panjer pucuke mentul mentul..klinting seng tak pasang muni alun , ..Keling..Keling..! Nandakke nek dipangan iwak hhh..alon Alon walesan tak cekeli..mbasan aku kroso senare di berot ..langsung tak seblak ..bet..! gruwel..
Ciandak ra we..! saknalika iwak mberot mberot..nganti ongkot ongkotan..sajake iwak Gedhe..hh..tak tarik abuot tenan..hh..babon Iki lurr..! gandeng aku Ki pemancing profesional wes kulino entuk iwak Gedhe...dadine Yo tenang..ora gugup..hh...nek bosone pemancing ..ngregeli wjwjkk.hhh...wes biasa oleh iwak Gedhe sih..??
Ning Tan kocapo lur...! Bareng wes cedak ketok nek Dudu iwak.hhh...neng wujud..wong wedok nganggo Sarwo putih..rambute dowo..nutupi Rai ..walesan gage tak colke.." Astaghfirullah..opo kui..?" Wong rambut dowo mau langsung nubruk awakku..cepet banget..tangane kenceng nggoceki.. lenganku.. cangkeme bola Bali muni ..Melu aku...! Melu aku..melu aku..!.tros narik sakkayange hh..aku di cemplungke kali..byur..! Seng biasane aku pinter nglangi lha kok ndadak blas ora iso hh....aku di seret nengah..tros diblesekke nggon seng jeru..hh..Gragaban saknaliko..Tangi..hhh..jebul Ming ngimpi to Iki mau..??..hh..Ning kok sak awak kroso teles kebes..hh..jebul aku le turu ora kroso adus kringet..hh..
efek suwe Ra mancing po Yo lurr..?
Kok nganti ngimpi mancing entok demit..ki..?.hh..
Tak rasak rasakke..awakku wes kroso enteng..hh..sirahku Yo wes Ra mumet..tak sawang jam seng tak pasang..neng tembok nuduhke Yen wes jam telu sore...hhh..edyan ..! Berarti leku mati sedino ngedur..lha piye..aku dikerokin mboke si P sore antarane jam limonan bablas turu lha kok Saiki wes jam telu sore...hh..pantesan wetengku ngintir intir..
Gage menyat nggodog banyu tak nggo adus..hh..Karo nggo gae kopi'..
Bubar adus ngopi Karo ngudud rokok kretek..hh..rasane isih koyo plastik diobong..wjwjkk..rung Pati sehat..berarti..wjwjkk..
" Peeee..! Kowe nengendi,? Mancing Yo..! suwe Ra uncal je..! "Ngendi..?" Wangsulane si P nenggon HP.."Progo gisor sudho wae..aku mau ngimpi oleh sidat Gedhe je.??????.." siaaap! Mumpung aku duwe Gendoon..!" Jare si P.." Yo gek ndene...! Ngopi ngopi sek.. ??
Hantu Sri Pujiatun
Sore sore ngrakit pancing, sinambi ngopi..jian rasane syahdu temenanan..!??
Gari ngenteni tekane si P seng jare arep nggowo Gendon..umpan Joss..
Hh..tenan wae ora suwe krungu swarane Mbah ne FU..hh..edek edek edek..! Grek.! ..tak sawang si P kok mboncengke cah lanang cilik ..ora pangling ..??????..anake Wagimuk tanggane si P ..sing nuwun Sewu Yo lur...! nek edan Ki ora..! Ming Idiot.. ! wjwjkk...aku ngerti langsung ngguyu Dewe..wjwkk.." Cen Hasu oq Kowe pe...! Kui anake uwong lho kok mbok gowo ngalor ngidol..hh..nek goleki mboke piye kui ..????
" Jare..kon nggawakke Gendon..! Iki mau tak Jak langsung mbonceng..!" Jare si P wkwkwkkk.."prek..! Cen biangane oq..Dudu Gendon kuiii Yoo..!????.hhh.." koe Ki Yo manut wae oq ndon ..! " Omongku Karo si Gendon, jeneng paraban anake Wagimuk " waatidii..Hauwwuk tidhii paapaattt..!.." omonge Gendon Ra Cetho..wjwkk.." omong opo we ndooon..! Wes maem durung ? " Takonku Karo mragakke ngemplok Sego ??" haww tahatii..yeeyee..!" Omonge Gendon " omong opo kui peee??" takonku.." uwes..mangan lawoh iwak lele..!" Jare si P nerjemahke..wjwkk.." diholeng opo dihakar ? " Takonku.." tahidi yawa hutal lele..hatah hayuuuuud..!" Jare Gendoon Karo bola Bali ngusap encese..hh" omong opo kui pee..?" Lele Le tuku nggon warung padang rasane Mak nyuss..!" Jare si P..????" lambemu pee..! Ra nyambung blas..hh..! Nyoh tak nei duwit mengko nggo jajan Yo..!" Omongku Karo ngulungi duit eketan..! " Ojo oleh di jaluk om pe..! Yo..kekke makmu nggo jajan Yo..!" Omongku.hh duit.langsung di saut Gendon ..dilebokke sak.. wkwkwkkk...cah ediot kok ngerti duit..hh.." arep mbok nggo jajan opo ndoon..?" Takone si P " haduu umba Hawuuuuk..! " Jare Gendon Karo drijine nuding nuding..hh...????" balekke sek Kono pe..! Goleki wong tuane mengko..hh..Kowe Ki..ngawor..hh..!" Omongku " karepku arep tak Jak mancing je..!" Jare si P.." mbahmuu..! Kecemplung malah dadi gawe..!"
Si P gage mancal minggat..hh..
Gendon kui umpan mancing lurr..! ,ujudte larva le golek neng njero wet kambil sing bosok kae lho lur..Ono seng ngarani uret kambil..lha kui umpan mancing istimewa ..seng mangan mesti iwak Gedhe..Ning Yo golek Gendon kui angele Ra jamak !..ancen wong mancing Ki aeng aeng..Yo Ben tambah pengetahuan tentang mancing lur..??..Ono meneh umpan mancing istimewa dinggo iwak sisik..ujudte seet..! ?? Iyo set ( belatung) Ning ora sembarang belatung lho lur..seet sukun..seng nenggon buah sukun jowo..kae lho lurr..wes angger oleh kui mancing nengendi wae menangan wkwkkk..
Jam enem sore budal ..spot Progo ngisor sudho..tekan lokasi Pitunan .tak sawang Jian ora koyo biasane sepi Pi ! Blas ora Ono seng mancing..biasane Ra Ketang siji loro Ono seng uncal..hh..lokasine plek Karo seng neng impenku..uncal joran loro blas Ra diambus iwak..hh..bola Bali nyumet udud ...cangkeme nganti bengoren.. entek udud sebungkus klinting Ra muni..hh..opo salah le tuku klinting PO Yo?..mancing Ki anggre Ra di gondol Ming boros udud..?? hh tak tunggoni nganti jam siji bengi..hh wong mancing Ki emang melatih kesabaran tenan oq ??
Tak rasakke Suasanane kok bedo Karo adad sabene to Iki..? peteng ndedet..ojomeneh bulan bintang we Ra ketok blas.. mergo ketutup mendung.ning.hawane ademee..ora jamak..biasane nek mendung Ki hawane sumuk..Jian nganeh anehi..jam setengah loro kabut mudun..wes mulai Ono pergerakan ghoib neng tengah kali..polahe bregejil do Peplayon pating glibet..si P wes klisak klisik ngejak mulih.." Bali wae Yo..! Iwake Kademen do ngerong Iki..!" Jare si P " sek pe ! Dilit engkas nanggung..!" Omongku.." iso masuk angin meneh lho Kowe mengko..kung..!" Jare si P Karo ngluntung senar.." sek pe..!" Sabar..
Sayup sayup aku krungu neng sebelah nduwur ono wong wedok rengeng rengeng koyo nembang jowo (nyinden) ..Ning ora Pati Cetho..hh.." pee..! Kowe krungu Ono wong nyinden Ra pe ?" takonku..si P tros miling miling." Ora ki!..blas Ra krungu opo opo.!"
Jam loro bengi aku krungu Ono wong wedok nyinden neng pinggir kali.." pee..! Kowe neng kene sek Yo..! Aku tak nggoleki sworo rengeng rengeng kae..!" Omongku
" wah..aku Melu kung..! Wegah aku nek ditinggal Dewe..!" Jare si P .hh..dasare jireh ." Yo ayo..sentere di gowo..!" Akonku...
Tenan lur...! Alon Alon tak goleki sumbere suoro..cat krungu cat ora..hh..soyo cedak soyo cedak..ciandak Ra we..! Ono sosok rambut dowo lungguh timpuh nganggo kain putih neng nduwur watu..lagi asik nembang.( Nyinden) .Ming Ra Pati Cetho.kata katane...! hh.tak gatekke rodo sauntoro..tak rungokne nadane, jelas tembang sinom parijotho.iki...hh..apal aku.lurr...guru nggamel je..wiwkk??
tros dumadakan Mak cep..! Klakep..koyo Orong kepidak..hh..le nembang mandek sajake kroso Ono menungsa nyedak..hh..suasana dadi hening..aku..namatke Seko mburi..siP tak kon anteng.."ssstt..! Ojo nyuoro sek pee..! " Omongku bisik bisik..hh demit e sajake krungu suoro ambeganmu..!" Omongku.." Hanjuk piye..? Kon Ra Ambegan..? Ha..niyat modyar..!" Ssstt...hh..!
" Ono wong wedok lungguh neng Wadas kui..! Kowe pingin weruh PO ?" Takonku
" giyaah! ..jin opo demit kung..?" Takone si P "hhh...Oppo bedane pee..! " Wjwkk.." nek ketoke mbiyen uwong kui pe ! Aurane semu kuning..hh.." Omongku..
" gek gek putri duyung kui kung?" Omonge si P.
."Huss...! Putri duyung Ki Ra nggo klambi Yo..!" Wooh...wes tau weruh PO ?" Hayo durung..!'
" Ojo ojo Nyiroro Kidul kung? " omonge si P
Hantu Sri Pujiatun
" Nyiroro Kidul wes pindah ngalor , sing Kidul wes payu dikontrakke " omongku
Ngerti ngerti wujud wedok rambut dowo mau noleh namatke aku...hh.aku ming mesem...Alon Alon tak senteri raine Ben soyo Cetho...jegagik...!"
Pee..hayo...peee...! Mlayu pee...! Bali wae...hhh..!" Omongku Karo gage gage Bali neng spot tros ngluntung walesan..hh..tros kukut..hhh..
." Medeni tenan PO kung..?" Takone si P kepo..aku ora njawab.."wes gek Bali wae...mengko tak critani wes Bali cepet.! .Ndak ngetokke..!" Omongku lirih semu bisik bisik
"wkwkk...ndingaren..Kowe Saiki Wedi demit..kung..!" Jare si P sok Sokan..hh
" westo rasah crigis..hh..ayo gek baliii..!" Omongku Karo nyengklak Fu ne si P..njuk nggeblas Bali..hh jebul angker tenan Progo ngisor Ki..hh.yo ra maido yen korbane wes akeh...tau kok lur...wong kenter Seko Magelang..jasate ketemune neng sudho..hhh..padal Jatake pirang kilo kui..! Hh...hayo..bayangin Dewe..
Bareng meh tekan omah mampir nggudeg Sik madyaang..! Ndak masuk angin ??
" Medeni banget PO kung..ujudte..demit mau..kok nganti Kowe gilapen ?" Takone si P iseh kepo..karo muluki Sego gudheg hh.." nek nggilani Ki ora..!" Omongku Karo clingak clingak..hh..mbok mbok..demite ngetokke..
" lha ngopo ? Biasane Kowe ki kendel ..opo meneh demit wedok..biasane gage gage..?" Omonge si P..hh.." Kowe ngerti Ra pe..! Iki bedho Bukane aku Wedi..! Aku Ming wegah repot..!" Omongku.." Weh..kok aneh..? Biasane Kowe paling getol nulungi bangsane demit, arwah arwah penasaran..????..!" Jare si P..." Mau awale Iyo..! Neng bareng ngerti rupane njur tak batalke niatku..!" Omongku.." lha..sebabpe ?" Takone si P lirih.." mau bareng aku weruh rupane...to..ssstt..Cetho..! Demit e koyo GENDON WEDOK..!"
"WHAAAATTT...???"mosok Ono sih demit ediot..???" Takone si P.." kiandanii..oq..opo Ra bakale setres aku..! Ketemu demit koyo ngono kui..hh..iso mati ngadek tenan..hh..MULO aku Trimo melipir..!" Lha mau koyo rengeng rengeng nembang sinom parijotho..hakok..bareng weruh ujudte..hh...tidaaakk...! Lha aku Ki tau kok pe...! .ketemu demit Lanang le omong pelo..! Kui Jian ngrepotke
???? Uwong kui disebut normal jare nek duwe IQ ( dibaca ai kiu??) 100..keatas..nek di bawah 100 berarti ora Pati normal..sering disebut abnormal..utowo dibawah normal..?? contone Yo aku Iki..??duwe IQ 99 wkwkk..lha wong abnormal kui di golongkan dadi telu..yokui Debil , Embisil, keri Dewe seng paling parah disebut Ediod..nek istilah kerennya Down sindrom..??..istilah bekene gen Down..jowone dadi GENDON..mulo wong ediot sering di parabi Gendon..wjwkk..ora edan lho lur..beda..??cirine wong ediot..seng pertama mesti nggon tapak tangan garise Ming siji..nggaler tok.neng tengah..??.beda karo nek wong normal ,mesti nyebut angka Arab seng kiwo 18 seng tengen 81.nek di jumlah dadi 99.. kui maksudnye Asmaul Husna..dadi,semua yang kamu kerjakan di dunia hendaklah selalu ingat asma Allah( ingat Tuhan) .wes kui...! kurang piye jal Gusti learep ngelengke Kowe Kowe ??,nganti ditulis neng epek epekmu...hhh..wkwkk..mulo Ojo sok kementhus..wkwkk..
.??..ewodene..! tanganmu isih dinggo tumindak seng olo..dinggo nyolong lah, tandatangan kontrak fiktif lah dinggo mateni sepodo titah..dinggo ndulegki barang seng owa owa..??..nek seng Lanang nggo ngocok..!
??..wiwjkkk hh..nek diomongi ngono mesti do maido..pruuut.!.mbel Thut..! wkwkk..buktine opo nek kui 99 Saiki cobo pikir..lha ngopo Gusti ndadak mbedakke garis tanggane wong abnormal.. hayoo...?wkwkwkkk
Kui ciri seng kaping pisan ..dadi nek wong ediot kae..terbebas dari Dosa..terbebas dari hukum..??.wong Oya dong..! .mulo Ojo daksio Karo wong Ediot...hh...meneng meneng kui gambaran e malaikat..! wong Ra due dosa ????
Ciri Seng ping pindone..mesti rambute lurus..mripate sipit koyo cina..(Mongoloid) rung tau Tumon aku , wong ediot rambute ikal opo kriting..wkwkk..biasane rambute lurus..hh..dadi wekku termasuk ora ediot...lho lurr...wong kriting ????
Sok arep tak ribonding oq..Ben ketok mbois.??????..hh..lanjut Yo lur....malah mbahas..wong ediot..??
Tekan omah nggodog banyu dinggo adus , terus Subuhan diluk , tros blek ...gorr..gorr..ngorok wes lali porwa Duk Sina...dasare ngatuke pool??.hh Tangi Tangi mergo keganggu suworo wong rengeng rengeng..hh.mbasan tak inguk ..?? Kyaaaa...! Jebul tenan..! hh..demit kali Progo ngisor sudho..wes tekan kene..hhhedehh..,????
Deknen ngerti aku tangi langsung mrenges..hh..
aku njuk etok etok turu..hh .
"Bhadabadaabaah..?!" Aku tetep meneng..wae..mripatku merem Ning rodo ngintip..sitik.??..waspada oq..
" Badavadabadaaah..!" Omonge deknen nganggo boso planet..hh..
Sajake deknen ngerti aku entok etok..turu...hhh.denen terus nyedaki
" Bhaa..dha ba ..! Daba dha..!" Omonge deknen karo tangane kloget kloget koyo wong njoget..hhh.maksudte opoo...?? ??
." assembuh ..! Aku isih turu..!???? " Omongku..
"Hatiiiii....badabudaaduu..!" Omonge deknen serius.
.huaduuh..muatih..Iki nek ngene terus..hh..aku kepekso menyat Alon Alon.
."badavadabadaaah..!" Omongku nirokke bosone Karo nunjuk pojokan mburi omah..deknen refleks..ndelok seng tak tunjuk...HH....aku terus..menyat seko dipan njuk LARIIII....!????????..."PEE...! TULUNGI AKU DIOYAK GENDON WEDOK..! ,,????hhh....ramutu tenan critane..
?? Jauh we Yo say.. tenan..lha Iki....! idiot je...wedok meneh.hh..opo Ra pecah ndasku..! " omongku..
Hantu Sri Pujiatun
isuk isuk aku wes njrantal mlayu nengomahe si P goro goro tangi turu di totke demit wedok ediot..kali Progo.. hh????
" peee..! tangii..! pee... malah isih micek.. hh..! " omongku karo narek sarunge si P seng isih njingkrung..
si P langsung gregah tangi ro kriyip kriyip.. hh.." halaah..! isuk isuk wes ribuut.. ono opo to kung..? " takone si P aras arasen njuk narik sarung trus ngringkel meneh.. hhh..
" Demit idiote ngetotke tekan kene je pee..! " omongku.. si P langsung njingkat.. rasido turu.. " Woooo..! telo.. i.. kok malah mbok jak rene ki piye..! " omonge si P.. hh.
." sengejak ki yo sopo..?? ????.. ngetotke..! hh..! melu dewe je.. hh..! " omongku.. " lha saiki nengendi? " lha iki ngadek neng mburiku.. hh..!" omongku karo nunjuk demite.. "hayowes... gek di silake di injen njerohane.. ????..! " jare si P ro mrenges, " prek..! jilak rasudii..!" omongku nggonduk..
" hidii.. hayudabaa..! dibi dada..!" jare demite.. hh. " Asemmbuuh..! radong basamu.. hh..!" omongku.. " HIDII HAYUDABAA..! DHIBI DHADHA..!" demite omong meneh.mekso banget. hedeeehh... " Ssssst... diam..! minggat kono..! aku radong basamu..! mbokdeee...! " omongku rodo jengkel.. si P tak sawang malah ngguyu kepingkel ngerti aku mbingungi.. hh..njengkelke tenan oq??
" kowe ki ra ngenei solasi, malah nyekekek wae..! " omongku.." solusii..! kelesss..! ??. malah apik je..kung.. lagi iki aku weruh kowe judeg.. hehe..! " kowe lak ngerti basane to pe..? mbok tulung di terjemahke aku!" omongku " raaak..!" jawabe si P.
" loh.. lha wingi kowe iso omong karo si gendon kae ?" takonku
" kae aku ming ngarang yoo...! .ming waton.. ????!" jare si P ro nyekekek..
" woo.. wedus kih....! hanjuk piye iki..?" takonku
" alahhhh.. gampang kui..! serahke wae karo ahlinya ?? mamake gendon.. yu wagimuk..!" omonge si P. ??. hhh.. benar juga! batinku.hh. " yo wes terke aku pee...! selak setres aku... ! heh.. kowe demit ediot..! melu aku nek pingin njaluk tulung!" omongku karo demit wedok mburiku.. hh
bareng tekan omahe yu wagimuk " ealaaah.. matur nuwun lho mas kung..! wingi si indra ndadak di sangoni duwit barang..!" hh.. omonge mboke gendon kemeye.. hh.. aku we malah wes lali wjwkk batinku??
pancen mboke gendon ki STW neng emang rodo menjle.. wkwkkk. nek karo si indra (si gendon) gematine ora njamak.. malaikat kecile jare.. hhh.. dadi yo blas ora duwe roso minder ?? jan salut aku.. ????
luar biasah ..! tros tak critakke masalahku.. seko awal.. aku ketemu hantu abnormal..hh awale yo pancen rodo angel njelaske, ro yu Wagimuk hh ning akhire " lha tros hantune nengendi?" takone yu Wagimuk. " lha iki lungguh neng kursi ngarepmu..!" omongku.. " yowes kung nek niyatmu ngono aku manut..!" omonge Wagimuk..
biasa lur.. mripate wagimuk tak leleti air surgawi.. ?? "kowe tangi turu rong sikatan yo kung..? kok ambune badeg banget.. ??!" kyaa...! yo maap.. ???? kui gudeg endog.. wkwkk, kowe sisan po pe..! gen iso weruh! "takonku.." Gyaaaaaah..!" jawabe si P singkat??
bareng rodo sauntoro wagimuk njingkat weruh pawongan lungguh kursi nengarepe.. " so.. so.. sopo.. kowe..?" takone karo kaget " hayo kui.. seng tak critakke mau! " omongku.. " owalah.. iki to..! hhh.. jeneng mu sopo mbak?" takone yu wagimuk.. " bhaaa.. thaaa.. dhii.. dhiii.. pa ha paaat..!" omonge dhemite wkwkkk... modyar ra we muuk..! artine opo kui.. ???? batinku nyekekek
" oaaalah kuung...! mbake iki jenenge mbak Sri Pujiatun ! " jare Wagimuk..
"WHAAAATT..???????
SERIUS..... !!! ??????? njuk... iso sri pujiatun, ki kata katane seng endiii...?? ??????hhhhhh.. ?????? wong genah ming baa.. daa baadhaa..badha hhh.... .kok iso Sri pujiatun... .? " takonku ro mlongo.... hh jiaan ra nggenah tenan critane hh??????
"bener..? jenengmu Sri Pujiatun..? "takonku karo demit ediot seng leku nemu neng kali Progo hh. " hahh...! . cip.. cip..! " omonge deknen karo ngetungke jempol loro tondho nek bener.. hh.. kok iso to? batinku gumun dewe.. hh.. opo mergo saking kulinone si Wagimuk komunikasi karo cah ediot dadi ngerti bahasane ??.. hhh benar benar bahasa yang Aneh....! .
" bhee.. taah brett e brett abhaatah tuuhuu... ayakk.. ayakk.. heiik.!" omonge demite meneh..
" Hanek kui..! atrine opo? " takonku kepo.
." Atun..! " jare Wagimuk.." whaat..????.. hhh.. omonge dowo banget ngono..! artine ming Atun??? " takonku soyo nggumun..
" kui maksute nek arep ngundang, deknen Atun wae..! " jare Wagimuk.. hh.." wong jelas banget kata katane nganggo Ayaak ayaak... kok iso dadi Atun.. kui lhoo.. hh.. jajal muuk..! iki artine opo? " takonku nyobo nirokke basa ediot.." bhee.. ta bret..! ebret.. tahhuu.. ayak ayak..!... jal nek kui artine opo? " takonku nirokke omongane si Atun.
." hanek kui..! cangkemu ming waton njeplak..! hhh kuung..! ora ono artine..kui.. ! " jare wagimuk
" loh..! hakok isoo..? kui mau lak podho seng diomongke Atun mau to? " wuuu..hayo jelas beda yo..! intonasi tekanan tekanan suara, kata perkalimate beda jauh..!" jare wagimuk..
hhh.. gek bedane ki nengendii..???? hhh.. iso kenthuu..! eh.. kenthiir nek ngene iki aku ???? hhh.. " prekeeteek bruuoot..! preeeet..!" hanek kui artine opo? " takonku.. " kui mau suoro wong ngentut oq kuung..! " omonge si P ro nyekekek..." "whooo...ngising yo kowe pee..! ????...wedus..! nan oq..!" omongku ro nutupi irung.. hh..
" wes gek ditakoni karepe opo ngetotke aku ! " omongku karo yu Wagimuk.. hh..
trus wagimuk karo Atun iso ngobrol asik banget ke lho lur.. aku ming plenggongan ora dong.. hh si P meng klempas klempus ngematke Wagimuk mengintrogasi kursi kosong.. ????
dan beginilah percakapanya.. ??
Hantu Sri Pujiatun
Atun : Bhaa..! thaa.. ta ta ta hayuut ddiidi papatt.. ayakk ayaak halu diim diim atakka bhaa.. bhaaa..! wwhahata kkajaa ya tii hii yuugg hayahh thuu mminaa maa taa taa..!
Wagimuk : Masyaa Allaah...! terus.. terus?
Atun : Naah bhaa tatuun.. hayah ayaak tidhii paa paaat.. huya lhee lee.. hayahu tawwa dinaah udhaa..!
Wagimuk : Oaalah... ngono to..! hakok iso mbak?
Aku : Hadiiinaang homong hopoooh.. tuiii.. ????????
Si P : Howa leetii Hawuuk hawuuk.. hopoo.. wjwkwkk.. ??????
Wagimuuk : mbok do meneng too..! ????.. critane ki mesakke malah do guyoon.. mbok tuluung..!
Aku : critane seng mesakke ki nggon endii.. ya Allah.. iso kentir akuu.. hh????
Atun : HATAA.. HUYA.. HIRUU BHAA Waaa waa hayuuut tuu biinaa ayaa taah taah..!
Wagimuk : sing sabar yo mbaak..! sedulur kui sok ter kadang sipate bedo bedo.. ??
si Atun : (nangis karo delo delo ngelap encese)
Indra : Hayuud hamaa..! umbas hawuuuk paapaat lee lee..!
Aku :??
si P :??
Atun :??
Wagimuk : Oaalah.. wes tangi to kowe lee..!
Aku : Halaah... ketambahan siji meneeeh.. ??????
si P : wkqkkk ??????
Aku : Wes gek genahe ki critane piye..? selak melu idiot akuuuh.. ????
" Dadi critane ki ngene kuung ! " omonge Wagimuk karo unjal ambegan.. hh
Demit wedok Abnormal sidane ngetotke tekan omahku..hhh.. nek nggon wedi sih babar pisan ora.. lur ! , ming aku ki males mergo ora ngerti basane..hh.. untunge makke Indra gelem dadi penerjemah bahasa idiot wkwkkk wkkk..
" anakmu kui kok omongane rusuh banget to muuk? pancen mbok ajari saru po? " takonku
" rusuh opo to ? " wagimuk mboke indra genti takon
" kui lho..! kok muni..umbas hawuuk lele papat..?
" Oaalah.. kuung..! kui maksute..pingin maem..! " omonge Wagimuk
" hakok muni hawuuk Hawuuuk ngono.. ?" Hawuuk kui maksute lawuuh..! " omonge Yu wagimuuk nerangke.. hhh.." Oo... alah..! ?? tiwas salah paham.. aku.. hh.. jeneh oq hawuuk..hawuuk wkwkkkkk.. jebul karepe ki madang nganggo lawuh iwak lélé cacah papat ngono po? " takonku.
" yo ra mesti..! pokoke nganggo lawuh seng enak ..! mboh kui lawuh tahu, opo tempe, lengarani tetep lele..! ngono. " omonge wagimuk nerangke.
." wjwkk?? hhh.. hayo sulit nek ngono.. hh.. .. pancen kudu seng kulino seng iso paham wkwkk..
Hantu Sri Pujiatun
lha nek kasuse si atun kui piye? " takonku mbaleni perkarane si Atun..
" ngene kung..! tak jelaske.. Si Atun iki jan jane mono anake wong sugih.. anak tunggal meneh, wong tuawane duwe usaha toko bahan bangunan ( toko besi) neng jalan Magelang. gedhe.. kung, karyawane akeh.. hh.., critane wong tuane Atun mati mboko siji.. awale bapake meninggal.. njuk let pirang taun ibune yo nusul..nah..usahane di teruske karo adine ibune.( wedok) . seng ngelola bojone..(lanang)..iso diarani seng neroske ipene.. jenenge sopo tuun? " Bhaaadaknah haadahh hayuuddt..!" omonge si Atun..
" jenenge Yessi! " omonge wagimuk..
" AAAAPAAHH. ...???? ?? Badaknaah hadah hayyuud..! kok iso dadi Yessi.???.. kui lhoo..! . hh.. marai emosi tenan basane ????! " karang bosone wong ra normal kok yo mbok gagas kuung ??!" omonge si P ro nyekekek.. hh
"trus... trus..! "
nah si Atun dadi melu si yessi.. kui..!" sek..! seek..! Yessi kui lanang po wedok? " takonku.." Yo.. lanaang lah mas. kuung..! " jare wagimuk
" Oaalahh.. lanangan kok jenenge Yessi.. ?? lagi tumon iki akuh..!.. trus... truss..! "
" naah gandeng si Yessi ora bakat dagang, dasare seneng main judi ro medok, usahane soyo suwe dadi rugi akhire, bangkrut.. utange akeh.. trus tempat usahane Alm bapake Atun, arep di dol..! " wooh... yo jahat berarti si Yessi kui..!" omonge si P
" ming sayange ono si Atun bocah abnormal iki.. dadi sandung rencanane, gawe cara ben warisane tibo bojone kudu si Atun di pateni, mulo si Yeesi perintah anakbuahe wong kulon progo jenenge sopo mbak? " takone wagimuk ro Atun.. " Wahonoo..! " omonge demit Atun..hh
" kui.. hhhh.. jenenge Sanib..! " omonge Wagimuk" loh..? kok dadi Sanib piyee..to ikiih.. ? wong aku krungu dewe Atun nyebut Wahono..!" omongku protes
" Ora kung.. pegawene Yesii kui jenenge Sanib..! jal takono dewe nek ra ngandel ndak dikiro aku ngapusi.. !" omonge Wagimuk..
" Wahono to jenenge..?" takonku karo Atun.. hh deknen gedek gedek.. karo tangane megar njuk obah obah tondho nek dudu.. hh... " lha sopo? Sanib po..?" takonku bingung.. hh.. deknen langsung mantuk mantuk.. karo ngangkat jempol loro.. hedehhh... " Aseembuuh.. karepmuuh...jan jane seng gendon ki aku po kowe to ????.. hh. tros piye..?"
"lha... karo si Sanib.. Atun di bonceng ke dijak halan halan.. bareng tekan progo ngisor..sudho dasare nggone sepi.. si Atun di perkosa tros di tekak nganti mati..! hh.. jasate di pendem neng kebonan pinggir kali..! " jare wagimuk.. ??????
wooh... nek iki critane ndobose wes keterlaluan hh mosok ono wong gelem merkosa gendon yo..??.. duwe Utek ora kui si Sanib.. ??????.. hh.. gek gek si Sanib kui dudu menungso ning kewan..! hh.. hajilak! raiso mbayangke akuh..!"
Bareng ketemu kang Ahmadi tak critakke lelakonku ketemu lelembut ediot jenenge Sri Pujiatun..
" wah nek iki tetep kudu di tindak! keadilan wajib di tegakkan..! saiki ngene Tokone wes sido di dol durung? takono!" omonge Ahmadi
" piye tuun! toko ne bapakmu sido di dol durung? " takonku tros di wangsuli nganggo boso planet.." BHAA.. DAATA BHAA.. WAA TABAA HAA TATA HAYUUD NAAK..! " hhh.. artime opo kui muuk?" takonku
" Durung iso di dol kuung! tanahe dadi sengketa, mergane pihak kelurahan desa karo notarise ora gelelem menei izin jual beli mergo tetep kudu nganggo cap jempole si Sri Pujiatun..! seng ora jelas keberadaane..!"
" Woh... saknoo..! saknoo..! wes direwangi mateni uwong.. tetep ora iso adol ??... hh..adol omah padakke adol kacang wae! " si P melu komentar
" yowes gen ndang rampung perkarane saiki awak dewe nggrebeg neng jl magelang wae.. aku yakin si Yessi karo si Sanib mesti isih nengkono..! " omonge kang Ahmadi
singkat crito lur..omahe Yesi di nggrebeg polisi anakbuahe kang Ahmadi..! dugaan polisi bener.. Si Yesi karo si Sanib anakbuahe Yesi mantan pegawene bapake Atun ono neng omah kono.. ora nganggo suwe luur langsung di ciduk.. trus. di glandang neng kantor polisi..
si Sanib awale ora ngaku.. mateni si Atun.. langsung si Sanib malah diamuk Yu Wagimuuk.. di gabloki di tendangi di cakari.. di jambaki.. malah koyo mboke korban wae..akhire ngaku yen di printah si Yessi.. h.. koyo pepatah jowo yo lur.. wong salah akhire yo seleh ??
" kok kowe ora melu ngajar Sanib pee..?" takonku "hhhh... jebul aku kalah sangar mbek Yu Gimuuk..!" jare si P.. wjwkk.. tak sawang si Atun yo ngamuk naboki si Sanib ning lupat luput terus.. wkwkkk.. hh.. ono ono wae tuuun..tuun.... ???? Badaah.. badaah.. badaah..! wkwkkk
Hantu Sri Pujiatun
Seko petunjuke Atun jenasa iso di temokke tros akhire di makamke jejer wong tuane.. hhh..
tak sawang si Atun ketok seneng banget tros ngobrol nganggo bahasa planet..rodo sauntoro ??.. tros si Atun nyawang aku ngomong opo rajelas.. ??.. aku ming mantuk mantuk ning jane blas radong ?? hhh... njuk sitik sitik ilang tak kedepke.. hh..
" omong opo je si Atun? " takonku
" nganuu.. kung..! nek warisane bapake nek payu didol arep di sumbangke nggo wong wong divabel.. termasuk dinggo Indra.! "??????
" anyaak..! ngarep kowe muuk..! mbok rasah ngayal.. ra ngandel nek iki aku.. wkwkk..! " tenaan..! " mbeel..! wes ayo mulih..! sakne gendon di tinggal dewe ??????.. hh.. nek niat nulungi ki ojo pamrih..! " ORAAA..! SI Atun mau ngomong ngono tenan! " pruuuuut.. ????????
" Aku ki jane isih gumun karo Sanib.. kok iso isone.. merkosa si Atun kui lho.. hhh.. rupane jane ko ngopo to si Atun kui.. hhj.. kepo akuh..! " takone si P.." asssemmbuuh..! " wjwkk
============================ TAMAT ================================
SC: Dokter Kung Top
Gabung dalam percakapan