Hantu Heru Widyatmoko

Hantu Heru Widyatmoko

 Hantu Heru Widyatmoko

Hantu Heru Widyatmoko

Aku tak ndobos Yo lur..!

Kawit bocah hobiku ki mancing, embuh kenopo kok aku ki demen banget karo sing jenenge mancing .
opo meneh mancing wayah bengi jian, syahdu banget
Terkadang aku sok do di takoni.." opo sih asik e mancing kok iso nganti direwangi bengi bengi blusukan turut kali ?"
"Wah embuh Yo..! angel le njelaske ..! Pokoke sesuatu banget..!"

Critane ngene

Aku duwe konco anyar podo podo le seneng mancing ,jenenge sebut wae si P .
Dasar wonge konyol nek ndelok tingkahe marai ngekek ning Yo kui jirihe setengah modyar, angger mancing mbengi mesti kon ngancani aku.
" Kung..! mengko bengi mancing sidat Yo..! "
(Sidat kui jenis iwak , ujudte meh koyo welut ning iso Gedhe)
"Arep mangkat nengendi ?" takonku
" Neng selokan Ngrabag wae Yo..!" omonge si P
" Ngrabak Purworejo po ?"
" Iyo..!"
"Yo ayo..! Kowe golek umpane mengko tak boncengke..!" Omongku
Singkat crito bakda magrib budal tekan lokasi jam sepuluh bengi wong karo mampir warung ndisik .
Sing di tuju kali pinggir deso . dasar tanggale tuwek mbulane ora ketok dadi peteng ndedet .
" Wis aku tak uncal nengkene wae sing cerak lampu dalan..!" omonge si P
" Yowis aku tak neng ngisor kono sing rodo peteng..!"
" Ora adoh adoh lho Kung..!"
" Ora ..!"

Hantu Heru Widyatmoko

Joran loro tak pasangi klinting trus uncal..!
Plung..! Plung..! Tunjung tancepke clep
Terus seperti biasa
Cresss..! bul... bul..aroma rokok kretek mengudara 😁 Jian syahdu temenan .Karo nunggu klinting muni.
Wis meh sepuluh menit klintingku diam membisu..hhh.😥😥
" Peee..! di pangan durung wekmu..?" takonku
" Wes Munggah siji e kuung..! Rodo agal Iki..! " jawabe si P seko kadohan 🙄🙄
"Lha Kowe wis oleh durung kuung..?" si P genti takon
" durung ..!"
"Ha sengoro..! Nek nganti kowe oleh tak pangan mentah..!" sumbare si P karo nyekekek ngece .
Karang sing jenenge mancing kui melatih kesabaran.. Yo to lur..! Sabar menghadapi hinaan teman ..😁😁
Tak sawang nggon cedakku mancing ono bangunan sekolah SD, ming gumunku kok ono bocah Lanang dolan dewe ..
kamongko kahanane peteng..lho lur..! pagere Yo tutupan..hhh..paling anake pak bon e batinku
"Kling..! Kling..!" jenggirat klintingku muni , joran gage tak sendal..tak geret abut banget .
waah..iwak Gedhe iki..! Paling ora limang kilo punjul kih..! Iso nggo napuk cangkeme si P 😂
bareng tak unggahke jebul kesangkut debok keli.. Hedeeeh..😥😥

Ora sengojo aku nyawang bangunan sekolah meneh
Loh bocah sing dolan dewe mau kok wis ora ketok..🤔hh paling wis mulih..hhh bocah yang aneh ..!bengi bengi dolan dewe..! batinku
Bareng aku noleh..😨
" Wis oleh piro om..?"
jebul bocah mau wis neng mburiku..
Hayo aku kaget setengah mati nganti reflek mencolot 😨
"KYAAAA...! Byurrr..!" ambyur selokan hedeeh
"Hajingaaaan..!" 😫😫😫
" Wooo lha tikus i..! NGEGET GETIII...!" bengoku misuh misuh😫😫
Untung ora jero ming sak wudel hedeehh
"NGOPOEEE KUUNG..? " bengok e si P karo clorat clorot nganggo lampu senter..bareng weruh aku kecemplung deknen nyekekek ora uwis uwis..hasuuuuuk..! 😥😥
" Mancing sidat tehnik nyobok po kung..?" 😂😂 takone si P isih nyekakak
" Kepleset e suuuu..!" wangsulanku karo krekel krekel Munggah..😔😔

Hantu Heru Widyatmoko

Hedeeh katokku kotos kotos teles kebes ,sak rokoku..jingan og, 😖 lagi Kelong sak ler..hh..
tak sawang bocah yo melu ngguyu mangkelke..😞
Ming gumunku bocahe Yo teles Kabeh awake..🤔
"Kowe ,yo bar kecemplung po Lee..? kok klebus ?" takonku
Bocah e ora njawab malah trus nggandeng tanganku
Tak rasakke kok enting 🤔🤔
Bareng tak gatekke tenan..jiabang bayiiiiik..!
Raine pucet mripate wis Malik biru urate Ireng..hhh😥😥
" Kowe ki wis mati to lee..!" 😥😥
hedeeh ...pantesan si P ora weruh
Mancing iwak intuke demit..hh Jian nasip nek lagi apes..!😔
" Melu aku ayo om..!" omonge bocahe karo nggeret tanganku 😥
"Arep mbok jak nengendi..?, Kuburanmu ! Gayah ora Sudi..!" 😔
" Nengomahku..!" Jare bocahe
" Omahmu ki ngendi ?" takonku
" Kono kae..!" Jare cahe karo nunjuk deso cedak kono
" Whooo..si kung setres ..!😁😁 ora oleh iwak njur omong dewe !" Krungu suarane si P nyekekek hh😥😥
"Preek..!" wangsulanku singkat
Pancen si P sengojo ora tak kandani ndak girap girap 🙄
"Tak tinggal Sik Yo pe..!"
"arep nengendi kung ?"
" Golek silihan sarung..! Adem e, sue sue iso mengkeret manuku " Omongku waton
"Ora nyauti memeane uwong lho kung..! iso di keroyok massa we..!" 😂😂
"Lambeneee..! padake moleng..!" 😥😥

Hantu Heru Widyatmoko

Aku gage ngetutke demit bocah iki
Sakdurunge aku njaluk ngapuro Yo lurr..! ora iso mbalesi komen komenmu Kabeh..😊🙏🙏
Ning yakin komenmu tak woco Kabeh..😆😍😍
Malah terkadang aku iso ngguyu kepingkel mergo komen komen kalian..😂 love you pul pok men 😂
____

Aku ngetutke demit bocah sing klebus awake teles Kabeh sak sandangane .
" Isih adoh ora omahmu le..?" takonku
deknen ming gedek..Karo tangane nggeret tanganku mandek neng salah sakwijine omah pinggir dalan kampung.
Omah pager wesi tak delok lawange kebukak sitik. Aku dijiat karo demit bocah karepe aku kon mlebu omah.
" Mbok ora edyan Kowe le..! sakiki wes meh jam rolas bengi je..!" 😥 Omongku
Nanging demit bocah mau tetep wae njiat aku kon mlebu omah hedeeh
Lagi arep mbukak lawang pager keprungu suworo
" HEH...! SOPO KOWE...! AREP MALING YO..!" 😡
Modyarrr...ora 🙁🙁
Ono pawaongan Gedhe lemu brengose koyo pak Raden ,matane abing mentelengi aku karo nggowo gebuk ngadek neng mburiku.
" Mboteeeen paak ! Kulo sanes maling..!" omongku kaget
" NEK ORA AREP MALING ..! NGOPO TRUNYUKAN TEKAN KENE..!"😡😡😡

Modyar ora awakuu..😖 hedeehh...pancen nasip ki Yen lagi apes og ndilalah..
" Kulo ngeterke bocah niki mulih..!" Omongku karo nunjuk demit e
"BOCAH ENDI..? KOWE ORA GAWE GAWE LHO..! ISO TAK KEPRUK TENAN SIRAHMU..?" 😡😡
" nggih ampon...! Sirah ming duwe siji tak eman eman je... arep di KEPRUK..haniyat entek..!" 😖😖😖
"IKI ORA GUYON ...! AKU TENAN NAN..!" Omonge deknen karo nyeret aku terus di lungguhke neng teras..😞😞
"KOWE WONGENDI..?" 😡
"Jogja !" omongku Karo tak duduhi kartu identitas ku
Deknen moco trus mbandingke fotoku 😂😂
"Lha Ngopo tekan kene ?"
" Kandani aku Ki ngeterke arwah bocah Iki lho..!" omongku njelaske
Deknen namatke aku..trus
" BRUAAAK ..!"

Pentungan gede di tutukke mejo ...hedeeh Aku nganti kaget ..hasuuog..😞😞
"AKU DURUNG PERCOYO OMONGANMU NEK DURUNG ONO BUKTINE..!" 😡😡
"lha coro mbuktekke...piye .?" takonku
" NENG GEGERE ANAKU ONO BEKAS TATU ..! SING NGERTI MING AKU KARO ANAKKU..! YEN NGANTI KOWE ISO NJAWAB AKU LAGI ISO PERCOYO..!"
" NANGING YEN ORA ISO NJAWAB OJO TAKON DOSA ..! BERARTI KOE NJALUK TAK GEBUKI..!"😡😡 Ancamane deknen Karo nyekeli pentungan...
Gandeng demite anake neng jejerku ,aku dadi ISO NJAWAB .
"GEGERE ANAKMU TATU MERGO , TAU MBOK BONCENGKE SEPEDA ,TIBO NENG DALAN TENGAH MBULAK..!"
isih durung trimo akeh pertanyaan sing iso langsung tak jawab.
Mak jleg geter ndrodok awake ..
ketok kaget aku iso njawab Kabeh pitakone..
pentungan sing kawit mau di gegem iso nganti ucul tibo neng njobin..

Hantu Heru Widyatmoko

"Lha saiki anaku nengendi ?" takone deknen Alon nyremimih rupane 😖
"Lhaaakui ..lungguhan neng korsi jejermu..!" Omongku
Kocap ..Bapake langsung mencolot ndeprok neng ngarep kursi sing dilungguhi arwah anake..
Pecah suworo tangis kang tanpo iso dibendung..😥😥😥
"HERUUUU ANAAAKUUUU....!"😭😭😭😭
" BUNEEEEE...! ANAKMU BALII..BUNEEEEE..!" bengoke Bapake ngundang undang bojone koyo kesetanan karo nangis ngguguk 😭😭
Metu Seko njeron omah pawongan wedok matane mbendul mbendul ketok nek kokean nangis terus ngekep bojone trus teng brengok nangis bareng... Hedeeeh 😞😞
Aku malah dadi bingung dewe

Dadi geger..😖 tonggo teparone nganti do moro
"Anakuu..nggeeer bocah bagus ...! bocah ..pinter..kenopo kowe isih bali ndene..😭😭 kenopo ..? nggeeer.. heruuuuuu...heruuuuuu..uuu !" Omonge ibune Karo nangis sengal sengal
"Anakmu durung iso di tompo neng alam kelanggengan, mergo wong tuwane durung iso ngiklaske pedote katresnan..!" omongku nenangke hh..
Eee..malah wong loro le nangis soyo ndadi hedeeh 😞
Tonggo teparone sing nyawang kedadiane dadi do meluh mbrebes mili ..Kabeh do melu nenangke...
" sing sabar nggih Bu Moko...!" omonge tanggane Karo ngenyet enyet pundake..😖😖 hedeeh
" Njur karepmu aku kudu piyee..? Nggeeer..anaku bocah bagus..!" 😭😭takone Bapake seng mau rupane sangar mbalik elik..
" Sampeyan kudu iklas lair tulusing batin..! MERGO sing jenenge pati niku wis dadi garising Urip..uwis dadi takdire Gusti kang cinatet Ono ing kitab Lahhul Mahfuz " omongku sok tau 🙄
"Sampeyan sakeloron pancen lagi di uji kalih Gusti Allah nganggo ilmu iklas..!" omonge tanggane melu melu nenangke..
" Pesene anakmu si Heru njenengan kudu MURUNGKE LE NDUWENI NIYATAN KLITIH PENDAK MBENGI..!" omongku Seko si heru

" Iyo nggerr.....! Anaku bocah bagus, bapak Karo simak arep berusaha ngiklaske kowe !, Sakiki bapakmu wes iklas tenan nggeeer...bapakmu wes ORA arep nggoleki kanca kancamu..!" Omonge Bapake Heru Karo nangis ngguguk
KLAAAP ..! Ono cahyo mudun Seko langit .. HERU WIDYATMOKO dipetuk wujud ora ceto mergo aku sulap nyawang cahyane sing mlerengi mataku trus Munggah ndedel ilang tak kedepke..
Dadi crita sakbenere ngene lur...
Heru kui anake pak Widyatmoko, anak tunggal ,isih kelas limo SD..
Meninggal dunia durung Ono Pitung dinane, mergo geblebeg neng kolam renang .
Bali sekolah, diampiri kanca kancane dijak renang ,ora pamit ..

Biasa to lur..! jenenge wae bocah durung ngerti dugo prayogo ,anane ming sarwo gojeg ,do guyonan , lha si Heru keblesek klelep neng nggon sing Jero..
kanca kancane do ora iso nulungi wong yo do durung iso nglangi..😞
Akhire si Heru ora ketulungan ..meninggal dunia
Bapak e ora trimo banget patine anake ,ketambah meneh nyawang bojone sing sambendino nggrantes nangis wae..😥
Deknen trus sumpah..! Yen kanca kancane Heru arep di limpe
Samben mbengi klitih nggoleki kanca kancane Heru sing Ngejak renang.
Karepe arep do di pateni..Ben wong tuwane Melu ngrasakke kepiye rasane kelangan anak sing banget ditresnani ...! Hedeeeh😞😞

Hantu Heru Widyatmoko

"Heru anaku pesen opo meneh mas..?" takone Bapake
" Heru pesen nek sampeyan kudu nyilihi kulo sarung..karo nek onten Sego kalih lawuh Ken mbunggkus !" omongku 😥
" Wah Ming kari jangan gori Karo tempe..!" omonge ibune
"Jare si Heru..nek onten Ken nambahi ndog dadar..!" 🙄🙄 Omongku
Bar wis entuk silihan sarung, cawete bojone (rasah do crigis sempake bapake lobok tak jajal ) Karo Sego bungkus ,aku pamitan 🙄
taksawang manuku wis ora mengkeret , isih ndlondeng sak mono gedhene..😂😂,aku trus bali neng kali, niliki joranku sing tak tandur
Tak delok joranku siji ambruk..bareng tak tarik..
Gruwel..egog egog egog..sidat sak lengen Munggah..😂😂😂
Ora Sido lawuh Krupuuk ...! 😂😂
" Kuung..?" suarane si P Karo lampu senter clorat clorot
" Oooe.." 😶
"Wooo..MOLEEENG KI..! MINGGAT NENGENDI EE..KOWE ..? TAK GOLEKI MUDUN NGANTI PETANG MILYAT KILOMETER E..SIKILKU NGANTI LEMPOH !" omonge si P mencak mencak
"Oleh Piro Kowe?" takonku
"Telu agal agal..! Kowe oleh po ?" si P genti Takon
"Nyooooh nek arep mbok pangan mentah nyooook..!" omongku Karo tak lelet leletke yiyite neng raine..😂😂😂
"Hasuuuuuk..crot di muka..!" omonge si P mencak mencak..😂😂😂
=========================Tamat===================

Sc: Kerabat Keliling Jogja